Waosan: Matius 12:46-50.
Nanging kang munjuk diparingi wangsulan mangkene: “IbuKu sapa, lan sadulur-sadulurKu sapa?” (Mateus 12:48).
Renungan:
Pasamuan kinasih, sedulur niku wonten ingkang cedhak kaliyan ingkang tebih. Sedulur cedhak umpaminipun kakang, mbakyu utawi adhi tunggil bapa biyung.
Menawi sedulur radi tebih punika kakang mbakyu utawi adhi, nanging mboten tunggil bapa biyung. Contonipun putrane pakdhe kita nyebat kang utawi yu, lajeng putrane Pak Lik utawi Bulik kita nyebat dhik/dhi.
Menawi kita dados sedulur cedhak, mesthi badhe angsal warisan saking bapa biyung kita, nanging wonten syaratipun, antawisipun:
- Manut dhawuhipun bapa biyung,
- Nindakaken dhawuhipun,
- Tetep kurmat bapa biyung badhea manggen ing papa sanes,
- Setya dhateng bapa biyung.
Pasamuan kinasih, manut Injil Mateus 12:46-50 nyebataken bab sadherekipun Gusti Yesus secara ragawi pingin paring katrangan dhateng Yesus bilih sedherek lan ibunipun wonten njawi pingin pinanggih Yesus. Nanging para sadherekipun kaget, awit Yesus paring jawaban, kaliyan nunjuk mawi drijinipun, dhateng para sekabatipun: “IKI IBUKU LAN IKI SADULURKU!”
Pasamuan, kados jejer ing nginggil “AWAKE DHEWE IKI SEDULURE GUSTI YESUS APA ORA?”
MENAWI KITA NGLAMPAHI KERSANIPUN RAMA ING SWARGA, ATEGES KITA MINANGKA SADHEREKIPUN UTAWI IBUNIPUN GUSTI YESUS (Mat.12:50).
Punika ketrangan gumathok saking jejer renungan dinten punika. Gusti mberkahi!
Pandonga:
Gusti Yesus, matur nuwun pepenget sabda Paduka, supados kawula setya nglampahi kersanipun Rama ing swarga, temahan tetep minangka patunggilan Paduka, ingkang pantes nampi gesang langgeng. Amiin. (Yosef Sujarwo – Gunungsari).
