Gumujeng ing Salebeting Panandhang

Waosan: Jabur 34:1-23

Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine, sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi. (Jabur 34:19).

Renungan:

Patunggilan ingkang dipun kasihi Gusti Yesus, kados pundi rasanipun dados tiyang buronan? Mesthi tansah sumelang, ndhredheg, boten bebas pasrawungan, boten wonten katentreman. Tilem boten pules, ngimpi dioyak-oyak uwong nagih utang, dipun sakiti.

Saged kita bayangaken Dawud dipun oyak-oyak tiyang kathah utusan ratu, ingkang dipun incer nyawa, kang mangka Dawud boten gadhah kelepatan. Kenging menapa Gusti ingkang sae marengaken paring ijin dhateng putra, sami gesang awon ing panandhang? Kenging menapa kula lan panjenengan ngalami pandandhang sakit, kekirangan, usaha bangkrut, brayat risak, mangka sampun ngatos-atos gesang ing kaleresan?

Kula kaget maos Jabur ingkang mekaten: “Wong mursid iku akeh rerubete”. Kangge menapa dados tiyang sae lan leres, sami kaliyan tiyang buronan? Patunggilan ingkang kinasih, sampun ngantos enggal-enggal nemtokaken mekaten, krana wonten kelajenganipun: “Nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakabehe iku kabeh.”

Kita pitadosi, prajanji saking Gusti. Gusti boten tawi margi bebas hambatan, nanging ing awrating lelampahan gesang kita, Gusti nganthi lan mitulungi. Menawi nampi pacoban, pelalang, ateges taksih gesang. Namung tiyang ingkang sampun pejah ingkang boten ngadhepi pepalang lan pacoban. Menapa wonten para pitados ing wekdal punika ngraosaken gesang ing salebeting panandhang? Sampun ngantos kita nglepataken Gusti. Zdumugi benjang menaoa kita uwal saking panandhang, namung wonten rancanganipun Gusti. Sumangga tansah gumujeng atur sokur ing sadhengah kawontenan, mitadosi sih pitulunganipun ing sauruting gesang kita.

Hati yang gembira adalah obat. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).