Waosan: Mateus 23:1-12
Sing sapa dadi gedhe ana ing satengahmu iku dadia paladenmu. (Mateus 23:11).
Renungan:
Pasamuwan ingkang kinasih, wonten istilah “gila hormat”, inggih punika nalika tiyang ngajengaken tansah kepara ‘kudu’ dipun ajeni saha diperlakukan istimewa. Rumaos remen sanget nalika dipun alembana, ananging saged dados sanget kuciwa nalika boten pikantuk kawigatosan kados ingkang dipun kajengaken. Sayektosipun dipun ajeni punika kabetahanipun sadaya tiyang. Ananging nalika tiyang namung mburu bab punika ngantos nglirwakaken tanggel jawab lan boten peduli dhateng sesami, temtu kemawon dados boten leres. Bab kados mekaten ingkang kirang langkung kalampah wonten ing waosan kita kalawau.
Gusti Yesus nelakaken pameleh dhateng para ahli Toret saha tiyang Farisi amargi antawis piwulang saha tumindakipun boten laras. Kacethakaken ing ayat 3 saha 4, “aweh piwulang nanging ora padha nglakoni dhewe”; “mbongkoki gegawan abot ing pundhaking wong, nanging dheweke ndumuk bae ora gelem”. Mekaten ugi sadaya ingkang katindakaken kanyata ngemot bab “gila hormat” kados ing wiwitan kalawau. Saged tiningalan ing ayat 5 “sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong.” Ayat 6 saha 7 ugi sami, inggih punika remen lenggah ing papan paling kajen saha remen nalika dipun urmati, kalebet seneng nalika disebut guru. Pameleh ingkang kapratelakaken Gusti Yesus nedahaken bilih tiyang saged menyalahgunakan pangertosan lan kalenggahan namung kangge umuk lan mburu pangalembana, kamangka kedahipun kangge ngabekti dhumateng Gusti saha ngladosi sesami.
Adedhasar bab punika, Gusti Yesus lajeng paring piwucal bilih para murid punika minangka sadherek antawis satunggal lan satunggalipun. Dene ingkang kagungan panguwaos utami saha ingkang paling inggil inggih namung Gusti Allah piyambak. Pramila, boten wonten tiyang ingkang kepareng mapanaken dhirinipun langkung inggil tinimbang asanes. Wondene ngengingi iman pitados dhumateng Gusti punika boten tiningalan saking kadospundi pangalembananipun tiyang sanes, ananging saking kasagahan nguwaosi dhiri srana nggegesang andhap asor saha lelados dhateng sintena kemawon. Andhap asor punika sanes nganggep dhiri pribadi boten aji, ananging kasagahan ngrumaosi bilih sedaya peparingipun Gusti kedah kaginanaken kangge ngladosi sesami minangka pangabekti dhumateng Panjenenganipun.
Pasamuwan ingkang kinasih, sabdanipun Gusti kalawau ngatag kita nitipriksa gesang kita pribadi. Anggen kita nindakaken samukawis punika punapa kagem ngabekti dhumateng Gusti utawi namung murih pikantuk pangalembana lan dipun urmati asanes? Dinten punika kita tinimbalan tansah nyinau ngendhaleni utawi nguwaosi dhiri srana nggegesang andhap asor lan sumadya lelados dhateng sesami. Kadospundi kita mujudaken bab punika?
Saben kita pantes dipun urmati, ananging boten perlu ngantos “gila hormat” “Jabatan” / “status” saha “peran” punika kedah lumampah sesarengan saha seimbang. Badhea gadhah jabatan Presiden, rumaos bangga dados Presiden, ananging peranipun boten migatosaken kaadilan ingkang warata kangge sadaya masyarakat, mestinipun boten badhe dipun urmati dening tiyang sanes. Suwalikipun, minangka tiyang sepuh bokmenawi boten gadhah jabatan inggil, ananging saestu temen ngrimati lan nggulowentah lare-lare, mesthinipun tiyang-tiyang sami badhe ngajeni-ngurmati dhateng piyambakipun. Mila sumangga, minangka siswa sekolah kedah nindakaken pasinaon kanthi saestu; minangka karyawan kedah nindakaken padamelan kanthi temen; minangka juragan kedah saestu migatosaken kesejahteraan karyawan; minangka pejabat ing tingkat punapa kemawon kedah setya, eklas, lan jujur ngladosi kabetahaning masyarakat; lsp. Boten perlu “gila hormat”, nalika kita nindakaken “peran” kita kanthi temen lan maedahi, tiyang sanes mesthi sami badhe ngajeni.
Pasamuwan ingkang kinasih, sumangga kita tansah emut bilih ajining dhiri boten namung gumantung saking pangalembana lan pakurmatan ingkang kita tampi, nanging ugi saking kadospundi kita nindakaken tanggel jawab lan ngladosi sesami. Gusti Yesus sampun paring tuladha bilih ingkang ageng punika sanes tiyang ingkang tansah kepengin dipun ladosi, nanging tiyang ingkang sumadya ngladosi kanthi tulusing manah. Pramila, sumangga kita nyinau nguwaosi dhiri, ngendhaleni pepinginan kangge tansah dipun ajeni, lan nindakaken peran kita piyambak-piyambak kanthi setya, jujur, saha kebak katresnan. Mugi gesang kita tansah saged dados lantaran berkahipun Gusti lan migunani tumrap sesami. Amin.
Pandonga:
Kawula sumadya tansah ngabekti dhumateng Paduka, Gusti Yesus. Sadaya punika kawula tindakaken srana mbudidaya nguwaosi dhiri, nggegesang ing salebeting andhap asoring manah, saha kasagahan tansah leladi dhateng sesami. Kawula nyuwun kawicaksanan saha kakiyatan murih sageda sembada lan setya nindakaken karsa Paduka. Linuhurna Paduka langgeng ing salaminipun. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).
