Waosan: Yokanan 17:1-11
Sapunika sampun sami sumerep, bilih sadaya peparing Paduka dhateng Kawula punika pinangkanipun saking Paduka. (Yokanan 17:7).
Renungan:
Para sadherek ingkang kinasih, wekdal sadèrèngipun mesin modern, para juru layar (pelaut) namung saged ngginakaken geber/ layar nalika kasurung déning angin. Para juru layar ndarbèni baita ingkang pengkuh lan ener ingkang cetha, nanging tanpa kajurung déning angin para juru layar temtu boten saged makarya. Awit saking punika, para juru layar sinau nengga kanthi tetep tandang damel: Geber layar kapasang, ener tetep kajagi, lan para juru layar tansah jumaga. Wekdal nengga boten kanggé wegah-wegahan, nanging kanthi sikep sumadhiya jumaga.
Sikep makaten punika ngèngetaken kita bab cariyos gesangipun William Carey, satunggaling juru warta Injil Kristen ing abad kaping 18, ingkang ugi sinebat “Bapak Misi Modern.” Nalika piyambakipun nampèni timbalanipun Gusti lelados ing tlatah India, mataun-taun paladosanipun karaos kados déné ngantu-antu prakawis ingkang boten wonten wohipun. Piyambakipun sinau basa, mertal Kitab Suci, lan mangun pepanthan patunggilan; nanging karaos boten ketingal cetha wohing paladosanipun. Nanging kawontenan makaten punika boten njalari Carey semplah lajeng kandheg anggènipun lelados lan wangsul dhateng negarinipun. Piyambakipun ngucap ing batos: “Ngant-anti pakaryan agungé Gusti Allah lan panggah jumangkah nindakaké pakaryan adi kagem Gusti Allah.” Piyambakipun taberi ing pandonga lan tansah setya, panggah pitados bilih Gusti Allah badhé makarya ing wekdal ingkang pinasthi déning Panjenenganipun.
Miturut Carey, pandonga sanès papan kanggé mlajar saking kasunyatan, nanging minangka daya karosan anggènipun tansah tahan ing paladosanipun. Pandonga nyawisaken dhirinipun lan pepanthan ingkang dipun ladosi, éngga wekdalipun Gusti Allah makarya mbikak margi lan paladosanipun ndhatengaken pangaribawa ageng ingkang nglangkungi gesangipun piyambak. Carey mawas boten makarya déning wohing paladosan ingkang cepet ketingal, nanging déning daya kuwaosing Gusti Allah ingkang tansah setya makarya ing salebeting wekdal pangantu-antu ingkang boten sekedhap wekdalipun. Punika wujuding kapitadosan ingkang laras (adaptif) kaliyan kawontenan: Sanès mburu pepesthèn ingkang cepet wohipun, nanging nglarasaken dhiri kawangun (dibentuk/diproses) déning Gusti Allah ing satengahing kawontenan gesang ingkang boten gumathok.
Para sadherek ingkang kinasih, mangsa sasampunipun Sumengkanipun Gusti Yésus lan ndungkap wekdal Péntakosta punika mujudaken nyami-wekdal tumrap para siswanipun Gusti. Gusti Yésus ingkang sampun sumengka ing swarga, mbabar prasetya, nanging daya karosaning Roh Suci dèrèng katedhakaken. Para siswa manjing ing salebeting wekdal pangantu–antawisipun prasetya lan kababaripun. Nanging para siswa boten kawengku ing kenangan manis magepokan prakawis karohanèn, ananging sami saiyeg mempeng ing pandonga.
Pandonga ndadosaken para siswa katunggilaken ing manah, kakiyataken, lan kacawisaken anggènipun dipun rèh déning Gusti Allah. Pandonganipun para siswa sanès padatan ingkang nglaha-muspra, nanging mujudaken sesambetan ingkang gesang kaliyan Sang Rama (zoē aiōnios). Prakawis kasebat ingkang wonten ing pandonganipun Gusti Yésus ing Pandonga Imam Agung-Ipun (Yokanan 17:1-11): Supados para siswa kajagi, katunggilaken, lan kasucèkaken satemah sami sumadhiya kautus. Ngantu-antu Roh Suci punika sanès prakawis ingkang gampil. Sebab menawi kita ngampil seratan Lelakoné Para Rasul 1:6-14, para siswa taksih nggegesang pangajeng-ajeng kapengker bab pamulihan tumrap Israèl. Éwa samanten Gusti Yésus nandhesaken bilih wekdalipun Gusti Allah namung wonten ing panguwaosipun Sang Rama, déné para siswa tinimbalan murih sami setya ing wekdal pangantu lan neksèni ing panguwaosing Roh Suci. Ing wekdal kasebat kataberèn kawangun. Tantangan sanès tandha cabaring (kegagalan) kapitadosan, nanging satunggaling wewengan tuwuh-ngrembakaning kapitadosan.
Tunggil-manunggal dados underan pandonganipun Gusti Yésus: “Supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal” (Yokanan 17:11). Gusti Allah mangun pepanthan-patunggilan ingkang gesang, samidéné nyengkuyung, lan sumadhiya makarya. Sanesipun punika, Gusti Allah ugi tansah nganthi umat kagunganipun lan maringi daya karosan. Kadosdéné baita ingkang namung saged lelayaran nalika geber utawi layaripun punapa déné juru layar sami nyambut damel sesarengan, geréja ingkang katunggilaken ing pandonga badhé kasagedaken makarya déning panguwaosing Gusti Allah ingkang ndhatengaken katresnan lan pepadhang tumrap jagad.
Para sadherek ingkang kinasih, mangsa pangantu, mangsa ingkang dèrèng saged kanthi sawetahipun njinggleng prakawis ingkang kaprasetyakaken déning Gusti Allah. Nanging pangantu-antu kasebat boten badhé nglaha, nanging satunggaling wekdal tumataning wewangunan. Ing salebeting pandonga, Gusti Allah nunggilaken manah kita; ing salebeting kataberèn, Gusti Allah neguhaken kapitadosan kita; lan ing salebeting wekdalipun Gusti, awit saking daya panguwaosing Roh Suci, Gusti Allah piyambak ingkang ndayani kita makarya kagem Panjenenganipun. Awit saking punika, sumangga sampun ngantos kita teluk tanpa daya ing kanyatan boten gumathok utawi kandheg ing kenangan kapitadosan wekdal kapengker. Kadosdéné para siswa, kadosdéné para paladosipun Gusti ing sauruting sujarah, sumangga kita manjing sesarengan ing pandonga, tunggil manah ing pangajeng-ajeng, lan sumadhiya makarya ing salebeting pambangun-turut. Prakawis-prakawis bab larasing manah ingkang saged kita gegesang sesarengan inggih punika:
(1) Ndadosaken pandonga minangka iramaning gesang. Donga nyawisaken manah kita murih gesang ing salebeting sesambetan ingkang bebles raket kaliyan Gusti Allah lan kuwagang makarya laras kaliyan ancas ener karsaning Panjenenganipun. (2) Taberi ing wekdal pangantu. Panggah setya, sumarah, lan ngantu-antu kebabaring prasetyanipun Gusti Allah saha tumedhakipun Roh Suci. (3) Mangun sikep manunggal lan raketing patunggilan. Sikep manunggal ngewohaken paseksi nyata ingkang mratélakaken kuwaos saha katresnanipun Gusti Allah tumrap jagad ingkang kawontenanipun silih-gumantos. Amin.
Pandonga:
Pinuji asma Paduka Gusti langgeng ing salaminipun. Kawula ngaturaken panuwun awit gesang kawula tansah kakiyataken dening Paduka. Paduka rawuh lan nunggil gesang kawula ngantos ing sapunika. Mugi awit daya panguwaos ingkang Paduka babaraken, ndayani kawula martosaken sih Paduka dhateng jagad. Wonten ing Sang Kristus Yesus, kawula dedonga. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).
