Waosan: Mateus 11:16-19, 25-30.
“PasanganKU padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kapenak lan momotanKu iku entheng.” (Mateus 11:29-30).
Renungan:
Para sadherek kinasih, kita mangertos bilih Gusti ngersakaken supados kita tansah nresnani sesami. Pitakenanipun, punapa ingkang kalampah saben wekdal saestu kados mekaten? Kita wangsuli ing manah kita piyambak-piyambak kemawon.
Kanyata, waosan kita ing Mateus 11:16–19, 25-30 kalawau nggambaraken krisis respons manungsa dhateng pakaryanipun Allah ingkang kapratelakaken lumantar Yokanan Pambaptis punapa dene Gusti Yesus. Leres, manungsa saged miji nampik Gusti Allah. Pasemon bab lare-lare wonten ing pasar badhe nedahaken bilih tiyang-tiyang nalika semanten (sawetawis) tansah gadhah alesan nampik sihipun Allah. Menawi kita tingali, Yokanan Pambaptis dipun tampik amargi dipun anggep keras lan asketis sanget (prasaja sanget), malah dipun sebat kapanjingang setan. Sisih sanes, Gusti Yesus ugi katampik amargi dipun anggep bebas sanget awit kersa dhahar kaliyan tiyang-tiyang ingkang kaangep dosa. Kanthi mekaten, perkawisipun sanes caranipun Gusti Allah nelakaken pakaryanipun, ananging bab manahipun manungsa ingkang rumaos paling leres, kepara mangkotaken manahipun. Mila saged tiningalan, sinaosa sampun saestu nyata pakaryanipun Allah, manungsa tansah gadhah kemungkinan tumindak nampik ingkang katindakaken dening Allah.
Ewa semanten, panampikipun manungsa boten mambengi pakaryanipun Allah. Perangan ayat 25-30 nedahaken bilih ing satengahing krisis (kawontenan awrat), Allah nelakaken Dhirinipun dhateng “lare-lare” (TB: orang kecil). Sinten punika? Tiyang-tiyang ingkang ngrumaosi dhirinipun namung alit lan asor wonten ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang tansah sumadya mbikak manahipun kangge nampeni Panjenenganipun. Awit saking punika, Gusti Yesus nimbali dhateng sadaya ingkang kasayahan lan kamomotan supados sami marek dhateng Panjenenganipun. Pasangan kagunganipun Gusti Yesus punika boten nedahaken momotan kadosdene ingkang dipun pasang dening pangarsaning agami rikala semanten. Pasanganipun Gusti Yesus punika mujudaken timbalan kangge nggegesang ing salebeting panuntunipun Gusti ingkang mbekta raos ayem sejati ing salebeting manah. Mila kacethakaken wonten ngriki, bilih ingkang dipun paringaken dening Gusti punika kedah sinarengan kasagahan manungsa kangge nampeni. “Rahayu wong kang ora nganti kacuwan bab Aku.” (ay. 6).
Para sadherek kinasih, waosan kita dinten punika paring piwucal bilih Gusti Allah peduli dhateng kita lan kawontenan ingkang kita adhepi. Panampikipun manungsa punapa dene kawontenan ingkang saestu awrat, boten nate kuwaos mambengi pakaryan saha sihipun Gusti Allah. Mila kita tinimbalan dados “lare-lare” (orang kecil), inggih punika dados tiyang ingkang tansah sumadya mbikak manah nampeni pakaryan lan sihipun Gusti.
Menawi kita ningali berita-berita dadosa wonten TV punapa dene media sosial, kathah-kathahipun ing wekdal-wekdal punika panci damel sayah kemawon. Perang, kawontenan geopolitik, negari kita Indonesia ingkang boten stabil, saged mangaribawani kita dados lungkrah lan semplah. Ewa semanten kita tinimbalan tansah pitados bilih Gusti Allah tansah makarya, Panjenenganipun nanggel sadaya momotan kita. Saged kapratelakaken lumantar tiyang-tiyang ingkang mbudidaya kasaenan kangge gesang sesarengan. Menawi kita lajeng menggalih Gusti Allah boten makarya, boten peduli, punika ingkang yektosipun katindakaken dening tiyang-tiyang ing jamanipun Gusti Yesus. Menawi boten sami kaliyan pikajengipun manungsa, tiyang nalika semanten rumaos bilih Gusti Allah dereng nelakaken pakaryanipun. Mila lajeng kuwalik, sanes manungsa manut rehipun Allah, malah manungsa ingkang “ngereh” Gusti Allah.
Salajengipun, kita sadaya manungsa temtu gadhah kakiyatan. Ananging kita boten kuwagang menawi kedah nanggel samukawis ing gesang punika piyambakan. Kita panci winates. Pramila kita kedah nampeni pasanganipun Gusti lan merguru dhateng Panjenenganipun. Basa sanesipun, anggen kita nindakaken saha nglampahi punapa kemawon, tansah kadhasaran kanthi nyuwun kakiyatan saking Gusti Yesus. Ora et labora, berdoa dan bekerja. Dedonga kanthi tegen lan pitados, tumemen saha eklas nindakaken panduman kita, inggih tanggel jawab kita.
Gusti boten nate negakaken, Panjenenganipun tansah makarya nelakaken sihipun. Sumangga tansah pitados. Amin.
Pandonga:
Pinujia Paduka langgeng ing salaminipun, Allah kawula Ingkang Asih Mirma. Boten saged jinajagan lebetipun sih katresnan Paduka dhateng jagad saha kawula sami. Mila kawula saestu ngaturaken panuwun lan tansah sumadya ngetut wingking Paduka ngantos ing salaminipun. Mugi sih Paduka tansah nguwaosi jagad punika murih tentrem rahayu Paduka sangsaya sumrambah. Ing asmanipun Gusti Kawula Yesus Kristus. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).
