Waosan: 2 Para Raja 4:8-17, Rum 7:14-22.
Wong wadon iku banjur ngandheg lan duwe anak lanang ing pendhake mangsa iku uga, ing taun candhake, cocog karo pangandikane Nabi Elisa marang dheweke. (2 para Raja 4:17).
Renungan:
Yesus segala-galanya, Mentari hidupku. Sehari-hari Dialah Penopang yang teguh. Bila 'ku susah, berkesah, Aku pergi kepadaNya: Sandaranku, Penghiburku, Sobatku. (Kidung Jemaat 396).
Mekaten isining pepujen kanthi irah-irahan “Yesus Segala-galanya”. Gusti Yesus punika papan pangayoman ingkang sejati, satemah kita saged nyumendhekaken gesang ing astanipun. Langkung nalika kita saweg nyanggi momotaning gesang, inggih Panjenenganipun ingkang paring panglipuran lan kekiyatan ingkang ndayani kita saged ngadeg lan lumampah malih ngadhepi sedaya ingkang kelampahan wonten ing sauruting gesang.
Waosan dinten punika nyariyosaken pawestri Sunen ingkang sanget anggenipun ngurmati Nabi Elisa minangka abdinipun Gusti Allah. Anngenipun asung pakurmatan punika ngantos Nabi Elisa dipun cawisaken papan ingkang mirunggan supados Nabi Elisa ing saktengahing paladosan saged ngaso ing griyanipun pawestri punika.
Kaosik manahipun awit saking kawigatosan ingkang katampi saking pawestri punika, Nabi Elisa nggadhahi krenteg badhe nyuwunaken dhateng Gusti Allah punapa ingkang dipun betahaken dening pawestri punika, Kacariyos bilih pawestri punika dereng pinaringan putra lan simahipun sampun sepuh. Mila Nabi Elisa nimbali lan meca bilih pawestri punika ing tahun ngajeng badhe nampi putra kakung.
Pameca punika dipun ytetepi dening zgusti Allah, nanging emanipun putra punika pejah. Pawestri Sunen lajeng sowan dhateng Nabi Elisa kangge ngkluntakaken sedhihipun, lan kahnthi knaugrahanipun Gusti Allah lumantar Nabi Elisa, putra menika gesang malih.
Ing dinten punika, kita kaatag supados nggadhahi kapitadosan kadosdene pawestri Sunem punika. Pawestri ingkang nalika salebeting kawinatesan, karingkihan, nandhang kasangsaran lan nyunggi momotan gesang tansah nggadhahi kapitadosan ingkang kiyat, bilih Gusti Allah kuwaos paring pitulungan.
Pandonga:
Dhuh Allah Sang Roh Suci, Allah ingkang tansah nganthi lan mitulungi. Kawula sowan, sumendhe lan masrahaken gesang kawula minangka abdi Paduka ingkang kathan kekirangan. Ananging kawula tansah anggadhahi tekad setya tuhu lumados dhateng Paduka. Nyuwun Sang Roh Suci mugi tansah madhangi manah kawula, supados saged dados abdi paduka ingkang sembada, lan dados seksi ingkang setya tuhu ing pangabekti. Amin. (Endang Sudibyo – Karanganom).
