Boten Nate Kesupen Janjinipun

Waosan: Habakuk 3:2-19, Lukas 18:31-34.

Paduka tedhak perlu mitulungi umat Paduka, inggih mitulungi jebadan Paduka. (Habakuk 3:13).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Sadherek patunggilan sutresna, gesang punika tansah ewah-gingsir. Pengaruh pasrawungan lan kemajengan mbekta kita sangsaya pinter lan sae. Nanging saged kita lajeng gumunggung, kesupen sinten ingkang maringi sadaya punika.

Lumantar nabi Habakuk, Allah ngemutaken dhateng umatipun kanthi cara ingkang ngantos ngajrih-ajrihi. Kanthi bramantya anggen Paduka tindak ndjajahi bumi para bangsa sami Paduka kagebag, nanging Gusti tansah emut lan mitulungi umat ingkang ngabekti Panenenganipun.

Mila kita ngraos begja sanget, kita dados ahli warisipun Gusti ingkang sampun jinebadan lan mesti nampi pitulungan karahayon.

Para sadherek sutresna, wekdal punika kita lumebet minggu Paskah, ingkang dados under-underaning pangorbanipun Gusti. Gusti Yesus nimbali para murid dipangandikani bab-bab ingkang badhe kalampahan ing gesangipun, dipun cepeng, dipun poyoki, dipun salib, seda lan wungu ing tigang dintenipun,

Sedaya kalampahan cocok kaliyan pamecanipun para nabi. Punika bukti pakaryanipun Gusti kangge mitulungi umatipun saestu Gusti Allah boten nate nyepelekaken janjinipun.

Kados pundi, kita rumaos begja punapa boten? Kula lan panjengengan rumaos dados putra ingkang jinebadan punapa boten?

Pandonga:

Gusti ingkang Maha Asih, Prasetyan Paduka saestu ageng, kawula tansah kepengin caket dan sumuyut ing Paduka. Mugi Gusti karsa nganthi ing sauruting gesang kawula. Amin. (Rebita Birat Salaga – Kulwo).

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *