Lidah Tak Bertulang

Waosan: Pangentasan 17:1-7.

Haleluya padha saosa puji syukur marang Pangeran Yehuwah awitdene Panjenengane iku sae. (Jabur 106:1).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Para kadang kinasih ing Gusti Yesus. Menawi ing satunggal dinten nampi kedadosan sedasa prekawis ingkang mekaten:

  • Sangang prekawis mbingahaken (panenan sae, lembunipun lahiran, pikantuk kiriman arta saking sadherek, nglamar pedamelan dipun tampi, lan sanesipun).
  • Setunggal prekawis awon (ayam pejah kecokot sawer).

Pundi ingkang kita cariosaken langkung rumiyin? Kemungkinan ageng: “wah cilaka, apes pitikku cokot ula.” Pemimpin ugi gampil duka menawi karyawanipun ngalami kalepatan, boten ngetang pedamelanipun kathah ingkang sae.

Para kadang kinasih, kadosdene lampahipun bangsa Israel dhateng tanah Kanaan, kaping pinten nabi Musa kedah sabar dhateng bangsa ingkang gampil nggresula, kirang toya, kirang tedha, lan sanes-sanesipun. Awit saking penggresula, sami supe pitulunganipun Gusti ing sauruting lampah.

  • Kemutan korek api: gadhah sirah boten gadhah otak, wonten gesekan alit saged kobong, saged ngobong wana pejaten.
  • Manungsa gadhah sirah gadhah otak, sampun gambil murup sinaosa wonten gesekan utawi prekawis ingkang nembe katampi.
  • Wonten paribahasan: lidah tak bertulang. Sinaosa ilat punika teles, nanging saged ngobong manahipun sesami.

Ilat peranganing badhan kang cedhak otak. Padha diudi yen obah dirasa penak. Marga nadyan teles bisa ngobong sanak. Kang ndayani ora sumanak kepara marahi retak.

Para kadang kinasih, sumangga manah lan ilat punika kita satunggilaken ing pakaryan, sged ngetang lan ngraosaken berkah paringipun Gusti. Kanthi pakaryanipun manah saha ilat, dados pisungsunging gesang, atur panuwun, ngraosaken gesang gadhah tyanggelan wonten ngarsanipyun Gusti Yesus ingkang ngluwari dosa.

Pandonga:

Dhuh Gusti Yesus, matur nuwun awit sih pitulungan Paduka. Nyuwun kekiatan lan kasagedan anggen kawula saged ngraosaken berjah pitulungan Paduka ing sauruting gesang kawula, supados lampah gesang kawula saged dados luhuring asma Paduka. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *