Tansah Setya Dhumateng Gusti

Waosan: Mateus 25:14-30

Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu. – Mat 25:21.

Bacaan Lainnya

Renungan:

Pasamuwan ingkang kinasih. Menawi kita wigatosaken, sandal jepit punika saged langkung awet menawi dipun agem, lan kosok wangsulipun, malah cepet risak menawi namung dipun kèndelaken. Kenging punapa? Ringkesipun, sandal ingkang namung dipun kèndelaken badhe nyimpen uap air lan ngrisak saking lebet karet sendalipun. Dangu-dangu dados garing, atos, getas njalari gampil pedhot. Suwalikipun, nalika sandal dipun agem badhe ngedalaken uap air kalawau lan ndadosaken sendal tetep lentur. Mila prayogi sendal punika dipun agem badhea awis kados punapa, boten malah disimpen kemawon sebab namung malah badhe risak. Punapa gegayutan gambaran punika kaliyan sabdanipun Gusti kalawau?

Wontes sekawan bab wigatos saking waosan kita ing Mateus 25:14-30. Sepisan, batur ingkang awon punika nggambaraken para tiyang ingkang nggegegi pikajeng piyambak sinaosa rumaos nggegegi dhawuhipun Gusti. Nalika semanten, asring katindakaken dening ahli Toret lan tiyang Farisi. Sebab ingkang dipun gegegi inggih pranatan tambahan ingkang dipun damel piyambak, sanes asli saking Toret. Emanipun, sami boten mangu-mangu njeksani lan ngukum tiyang sanes ingkang boten nindakaken pranatan tambahan kalawau. Mila pasemon punika nedahaken piwucalipun Gusti Yesus bilih saben pandherekipun Gusti kedah anggadhahi pikiran ingkang tinarbuka, boten kaku, saha purun nyinau bab-bab enggal ingkang saged saya ngiyataken iman kapitadosan dhumateng Gusti.

Kaping kalih, bilih sih nugraha (karunia) ingkang dipun tampi dening saben tiyang saking Gusti Allah punika benten-benten. Ingkang wigatos sanes bab pinten gunggungipun, ananging bab kados pundi saben tiyang ngginakaken peparing punika. Gusti Allah boten nuntut tiyang-tiyang ing sajawining kasagedanipun, ananging Gusti Allah ngersakaken saben tiyang ngginakaken kasagedanipun kanthi temen-temen. Mila lumantar pasemon punika Gusti Yesus ngatag para pamirengipun murih ngginakaken sadaya kasagedanipun minangka sarana lelados dhumateng Gusti lan sumrambah dhateng sesami.

Kaping tiga, opah nindakaken kanthi temen-temen dhawuhipun Gusti, inggih punika dhawuh ingkang langkung ageng malih. Kita nyumerepi bilih batur ingkang temen nindakaken dhawuhipun bendaranipun kalawau boten kasuwun sami ngaso, ananging kaparingan tanggel jawab ingkang langkung ageng. Menawi dhawuh saderengipun kemawon sampun nuwuhaken kabingahan nalika rampit kanthi prayogi, langkung-langkung menawi dhawuhipun saya ageng, ateges kabingahan ingkang dipun raosaken sabibaripun dhawuh punika rampit tamtu sangsaya ageng. Punika ingkang sayektosipun kaemot ing ukara “mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.”

Kaping sekawan, pasemon punika sayektosipun nedahaken “paugeran” ingkang universal utawi umum. Kalawau kaserat ing ayat 29 “Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh.” Tegesipun, menawi tiyang sumadya ngginakaken kasagedanipun (peparingipun Gusti), tiyang punika mesti sangsaya wasis makarya ngginakaken kasagedanipun kalawau. Ananging menawi tiyang ingkang gadhah kasagedan malah mendel kemawon boten nindakaken punapa-punapa, estu-estu badhe kecalan kasagedanipun punika. Contonipun gadhah kasagedan nyanyi. Ingkang satunggal tansah mbudidaya nyobi nyinau nyanyi, pancen nate gagal, swantenipun fals, ananging nyobi malih lan tansah nyinau. Wusana mesti badhe langkung kulinten, mangertos bab notasi musik, lan dados lancar nyanyi kepara dados sae swantenipun. Dene ingkang boten nindakaken punapa-punapa bab kasagedanipun nyanyi, nggih namung badhe ajeg boten saged nyanyi kanthi langkung prayogi. Kadosdene gegambaran sendal ing wiwitan kalawau, menawi dipun agem saged langkung awet lan malah badhe risak menawi namung dipun simpen kemawon. Pramila, langkung sae mbudidaya nindakaken sinaosa nate gagal, tinimbang boten nindakaken punapa-punapa babar pisan.

Pasamuwan ingkang kinasih, saking sadaya bab wigatos kalawau kita kaemutaken lan tinimbalan: Sepisan, tansah anggadhahi pikiran ingkang tinarbuka lan  sumadya nyinau bab-bab enggal ingkang saged ngiyataken iman kapitadosan kita. Kaping kalih, saben kita kaparingan kasagedan lan tinimbalan ngginakaken kasagedan punika tanpa perlu mbanding-mbandingaken kaliyan sanesipun. Kaping tiga, bilih kabingahan lan kamuktenipun Gusti punika saged kita raosaken nalika estu-estu nindakaken lan ngrampitaken sadaya dhawuhipun Gusti. Kaping sekawan, margi utami ngrimati kasagedan peparingipun Gusti punika inggih kanthi ngginakaken kasagedan punika minangka pangabekti dhumateng Gusti lan sarana lelados dhateng sesami. Nalika kita tansah sumadya ngginakaken kasagedan kita kangge lelados dhumateng Gusti lan sesami, sayektosipun kita sampun nindakaken ingkang dados tema pangibadah wekdal punika, “Tansah Setya dhumateng Gusti.” Amin.

Pandonga:

Ngaturaken panuwun sokur awit Sabda Paduka dhuh Gusti. Paring pemut dhateng kawula sami murih tansah setya dhumateng Paduka kanthi anggadhahi pikiran tinarbuka, boten mbanding-mbandingaken peparing Paduka, saha ngginakaken kasagedan peparing Paduka kanthi temen-temen minangka pangabekti dhumateng Paduka lan sarana lelados dhateng sesami. Wonten ing asmanipun Gusti Yesus, amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).

 

 

Pos terkait