Bacaan: Mateus 25:31-46.
Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: “Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.” (Mateus 25:40).
Renungan:
Pasamuwan ingkang kinasih, saben pungkasaning taun lan ing wiwitaning taun, limrahipun greja-greja sami damel evaluasi program tahun kapengker lan ngrancang program peladosan kangge taun saklajengipun. Temtu kemawon boten namung ngawontenaken evaluasi lan ngrancang program, ananging ugi kaliyan damel anggaranipun. Salah satunggalipun inggih punika kawigatosan greja ing bab paladosaning katresnan lan sosial. Padhatan kagulowentah lan sinebat “Kesaksian Pelayanan”. Ing jaman kepengker, kadosdene para zending, sami mangun bebadan-bebadan kangge ngayahi peladosan-peladosan sosial, kadosdene: bebadan/yayasan sosial, panti asuhan, panti wreda, sekolah-sekolah misi, pusat-pusat kesehatan misi. Sayektosipun, saestu prayogi bilih kita ing jaman sapunika tetep kepara ngrembakaken, sinaosa kanthi wujud ingkang benten, nindakaken peladosan katresnan dhateng masyarakat minangka pratelaning kapitadosan lan katresnanipun dhumateng Gusti.
Waosan kita dinten punika nedahaken kanthi cetha kadospundi Gusti Allah ngersakaken saklebeting tiyang pitados ngantu-antu rawuhipun Gusti, tiyang pitados prelu mujudaken gesang kapitadosaipun lumantar tumindak katresnan ingkang nyata. Mliginipun dhumateng tiyang-tiyang ingkang kerapan (ngelih), ingkang ngelak, ingkang boten gadhah panggenan, kalukaran (kawudan), gerah (sakit) lan kinunjara. Kita saged mastani tiyang-tiyang punika golonganing tiyang-tiyang ringkih utawi tiyang-tiyang ingkang asring kasingkiraken ing satengahing masyarakat. Saking Kitab Suci, saged kita prangguli ing pundi Gusti Yesus mengidentifikasi diri (menyamakan) dhirinipun kaliyan sakgolonganing tiyang. Ingkang sepisan, ing waosan dinten punika, lumantar pasemon bab pangadilan ingkang pungkasan, Panjenenganipun mengidentifikasi dhirinipun kaliyan tiyang-tiyang ingkang nandhang kasangsaran inggih punika tiyang ngelih, ngelak, sakit, kinunjara. Kaping kalih, nalika Gusti Yesus manggihi/ngrawuhi Paulus nalika piyambakipun lumampah tumuju dhateng ing Damsyik (Lelakone Para Rasul 9:4-5), Panjenenganipun mengidentifikasi diri (menyamakan) dhirinipun kaliyan tiyang-tiyang ingkang dipun aniyaya dening Paulus.
Patuladhan ing nginggil punika paring piwucal bilih tumindak kita dhateng tiyang-tiyang ingkang sangsara lan kesrakat punika nggambaraken sikep lan paladosan kita dhumateng Gusti Yesus. Awit saking punika greja kedah tansah enget nalika kita pepanggihan kaliyan tiyang-tiyang punika, kita ugi saweg pepanggihan kaliyan Gusti Yesus. Pepanggihan punika ugi katindakekan lumantar bebadan-bebadan sosial kagunganipun Greja, Klasis lan Sinode.
Pasamuwan ingkang kinasih, Sinode GKJ minangka wujud patunggilaning greja-greja (inggih punika kita) punika nggadhahi bebadan-bebadan sosial lan pendhidhikan kadosdene Yayasan Sosial Kristen Salib Putih ing Salatiga, Yayasan Kemakmuran Rejeki ing Salatiga, Yayasan Trukajaya ing Salatiga. Kejawi punika wonten ugi bebadan ingkang dipun gadhahi sesarengan kaliyan sinode GKJ-GKI SW Jateng, inggih punika: Yayasan Pendidikan Kristen Sinode ing Magelang (YPKS), Yayasan Sekolah Guru Kristen ing Surakarta (YSGKS), lan Yayasan Kesehatan Kristen Untuk Umum (YAKKUM). Kejawi punika wonten ugi bebadan-bebadan sosial ing klasis-klasis lan ugi kagunganipun greja-greja ingkang saged dados pirantos greja kangge nindakaken katresnan dhateng sesami.
Bebadan-bebadan punika perlu dipun sengkuyung dening greja-greja, temtu kita, ing tlatah Sinode GKJ. Lumantar Bulan Kesaksian Pelayanan GKJ taun 2026 punika, greja minangka patunggilaning tiyang pitados kaengetaken malih dhumateng para sesepuh / pendahulu greja ingkang nggadhahi kawigatosan ingkang ageng tumrap pakaryaning Kesaksian dan Pelayanan ing saktengahing masyarakat. Bebadan-bebadan punika temtu ngadepi rupi-rupi prekawis lan pepalang ing salebeting paladosanipun. Boten saged dipun selaki, kasunyatan bilih kawontenaning unit peladosan saking bebadan-bebadan punika sangsaya suda. Kathah sekolah ingkang tutup amargi boten wonten muridipun, lan wonten ugi griya sakit ingkang tutup.
Pasemon bab pengadilan kang wekasan punika mbikak kesadharan kita bilih timbalan kangge ngladosi tiyang-tiyang kesrakat punika kedah kita tindakaken sae minangka pribadining tiyang pitados lan minangka greja/pasamuwan. Kasangsaran punika kagambaraken, kawontenan kerapan (ngelih), ngelak, boten gadhah panggenan, kalukaran (kawudan), nandhang sakit, kinunjara. Kawontenan punika nggambaraken bab kabetahan dhasaring manungsa ingkang boten kacekapan, inggih punika tetedhan, omben-omben, panampining tiyang lan panggenan, rasukan, kesehatan lan kamardhikaning gesang. Kangge tiyang-tiyang punika greja lan bebadan-bebadanipun kedah wonten lan nindakaken pakaryan minangka wujuding katresnan lan peladosanipun dhumateng Gusti.
Bebadan-bebadan ingkang dipunadegaken dening Sinode GKJ (secara pribadi utawi sesarengan sinode sanesipun) punika temtu boten namung asipat formalitas punapa malih namung kangge pencitraan kemawon. Awit saking punika bebadan-bebadan punika perlu dipunrimati supados saged tuwuh lan ngrembaka. Greja minangka bebadan utawi patunggilaning tiyang pitados kedah tansah nindakaken pakaryan lumantar lan sesarengan kaliyan bebadan-bebadan kagunganipun punika. Sayektosipun, kita sampun lan tansah nyengkuyung ngantos ing sapunika awujud Dana Abadi Sinode, IDKK (Klasis), Yayasan Marturia, punapa dene Yayasan Tresna Handayani, ingkang asumber saking pisungsung ingkang kita kempalaken lajeng mangke wonten ingkang kagulowentah dening Sinode lan sanes-sanesipun. Cag-cagipun werni-werni, salah satunggaipun inggih punika beasiswa kangge mahasiswa teologi. Ateges, beya saking ngriki kagulowentah “nguripi” pasamuwan GKJ ing papan sanes.
Pasamuwan ingkang kinasih, mugi-mugi kita kasagedaken mujudaken katresnan ingkang nyata dhumateng tiyang-tiyang ringkih lan ingkang siniya. Menawi Gusti Yesus sampun nindakaken katresnan dhumateng tiyang-tiyang punika lan nyamekaken pribadhinipun kaliyan tiyang-tiyang punika, pramila greja ugi kedah manggihi, nyarengi, ngladosi lan mujudaken katresnanipun dhateng tiyang-tiyang punika. Amin.
Doa:
Gusti kawula ingkang Mahaasih, linuhurna Paduka langgeng salaminipun. Lumantar sabda Paduka, kawula sumadya nindakaken dhawuh Paduka inggih lelados dhateng sesami minangka pratandha bekti saha tresna dhumateng Paduka. Kersaa Paduka tansah nunggil paring kakiyatan, satemah kawula sembada ngestokaken dhawuh Paduka. Wonten ing Sang Kristus kawula nyenyuwun. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).





