Waosan: Lelakone Para Rasul 3: 1-8.
Nanging Rasul Petrus nuli ngandika, emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe ndak wenehi, atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua. (Lelakone Para Rasul 3:6).
Renungan:
Para sadherek ingkang kinasih ing Gusti Yesus, kita asring sampun mireng saha maos cariyos bab tiyang wuta, tiyang pejah, tiyang sakit, tiyang kapanjingan dhemit, tiyang lumpuh lan sanesipun ing pangibadah utawi saking Kitab Suci.
Meh sedaya cariyos panandhang ing nginggil, kathahipun saged dipun mantunaken dening tiyang ingkang asma Yesus Kristus.
Kitab Lelakone Para Rasul ayat 1-6 ugi nyariyosaken bab panandhang ingkang dipun lampahi satunggaling tiyang inggih punika lumpuh, kapara wiwit lair mila. Tiyang wau manggen ing ngajeng Padaleman Suci kaliyan nyenyuwun kamirahan saking tiyang-tiyang ingkang dhateng Padaleman suci, pepinginan sanesipun ing pangangkah supados saged mantun nalika Gusti Yesus rawuh ing mriku.
Ewa semanten badhea sampun dinten mapan ing ngajeng padaleman suci, Gusti Yesus mboten ketingal rawuh, dumadakan wonten dhatengipun Rasul Petrus lan Rasul Yokanan ing Padaleman Suci.
Tiyang lumpuh wau ugi enggal nyuwun sak-paringipun, ewasemanten mboten maringi, malah dipun pangandikani Rasul Petrus: “EMAS LAN SALAKA AKU ORA DUWE, NANGING KANG AKU DUWE, KOWE DAK WENEHI, ATAS ASMANE GUSTI YESUS KRISTUS SAKA ING NASARET, LUMAKUA!”
Saking katrangan ayat 7b-8a nedahaken mekaten: sanalika iku uga sikile lan poloke wong mau dadi kukuh, tumuli njumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku mrana mrene…..
Pasamuan kinasih, panguwaosipun Gusti Yesus mboten nate ewah, monggo tetep cepengan kenceng lan kiat ing Gusti Yesus.
Gusti mberkahi kita saben wekdal. Amin. (Yosef Sujarwo – Gunungsari).