Memitran Kaleresan

Waosan: Yokanan 14:1-14.

Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.” (Yokanan 14:6).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Patunggulan ingkang kinasih Gusti Yesus Kristus, wonten carios satunggiling tiyang ingkang gadhah mitra tiga. Mitra sepindhah lan mitra nomer kalih dados mitra kinasih. mitra nomer tiga kirang dipun remeni kepara malah asring tebih.

Satunggaling wekdal, tiyang wau nampi prekawis ingkang kedah medal proses pangadhilan ingkah betahaken pambela. Manggihi mitra sepisan nyuwun dados pembela. Kados pundi jawabanipun? “Aku ora bisa, pora wani mlebu ruang pangadhilan.” Lajeng, mnggihi mitra nomer kalih, kados pundi wangsulanipun? “Isaku mung isa ngeterke tekan pekarangan pangadhilan.”

Lajeng manggihi mitra nomer tiga ingkang raos awrat kirang rumaket. Kados pundi wangsulanipun? “O, ya, aku sumadya ngancani, belani kowe nganti beres perkaramu.”

Lajeng sinten mitra-mitranipun wau?

  • Mitra sepindhah: Arta. Kathah tiyang purun tumindak dhemi arta utawi dhuwit. Nanging arta boten saged ngadhepi pangadhilanipun Gusti.
  • Mitra nomer kalih: Kanca kenthel dados piandelipun. Nanging dumugi wekdalipun dipun timbali Gusti, namung saged ngeteraken dumugi kuburan.
  • Mitra nomer tiga: Kaleresan. Boten saben tiyang remen dhateng kaleresan, rumaos gesang boten bebas. Nanging kaleresan ingkang saged dados pambela dumugi pangadhilanipun Allah ing samangke. Kaleresan saged ndhatengaken kawilujengan. SInten punika? Gusti Yesus Kristus.

Arta punika pancen penting, nanging boten saged ngrampungi sedanten prekawis. Mitra kenthel punika penting, nanging boten saged dipun andelaken. Namung kaleresan saking Gusti Yesus Kristus ingkang saged dipun pitados saha milujengaken.

Begja kita dados putranipun Gusti. Wonten pangajeng-ajeng apuntening dosa, nampi warisan kaswargan. Punapa kita sampun memitran kealeresan? Gusti mberkahi kita!

Pandonga:

Maturnuwun Gusti Yesus, Paduka kepareng milih kawula minangka mitra Paduka. Kawula raosaken dados kabegjan wonten ing sauruting gesang kawula. Nyuwun kekiatan lan kasagedan anggen kawula atur panuntun wekdal pangucap saha lampah gesang saged tresna tinresnan dhateng sanak kadang sesami kawula. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).

 

 

Pos terkait