Waosan: Markus 12:28-34.
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pepakon kang gedhe dhewe iku mangkene: Rungokna, heh, wong Israel, Pangeran Allah kita iku siji. Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira. Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kang ngungkuli pepakon loro iku.” (Mark 12:29-31).
Renungan:
Bapak Ibu warganing pasamuan ingkang dipun tresnani GUSTI, tembung tresna pancen gampil dipun ucapaken, ugi gampil dipun apalaken, nanging nindakaken angger-angger katresnan mboten segampil ngucapaken saha ngapalaken.
Ing Injil Markus 12 : 30-31, GUSTI paring dhawuh dhumateng kita sami, supados tresna dhateng GUSTI lan sesami. Namung kados pundi kasunyatanipun? Kita asring lirwa kaliyan dhawuhipun GUSTI punika. Kamongko, kita nresnani GUSTI miwah sesami punika kedah kita tindakaken ing sadhengah kawontenan, sae ing saklebeting bingah saha sisah.
Pasamuan ingkang kinasih ing GUSTI YESUS, nanging menawi kita ingak ing gesanging masarakat, kita saged ngraosaken kasunyataning gesang ingkang nengenaken sesambetanipun kaliyan tangga tepalih, puniko sedaya mujudaken sesambetan kanthi dhasar katresnan. Conto cekak upaminipun, nindakaken gotong royong, nuweni sedherek mitra kadang ingkang nembe nandhang sakit, nderek bela raos nalika brayat sanes nandhang dhukita lan sanes-sanesipun, ingkang sedaya puniko nelakaken kepedhulian saha sih katresnan dhumateng sesami.
Langkung-langkung kita saged ngraosaken endah edining pasedherekan lumantar sih katresnan peparingipun GUSTI ALLAH ingkang kababar ing gesanging pasamuanipun GUSTI YESUS KRISTUS.
Awit cetha sanget dhawuhipun GUSTI, kita supados tresno dhateng GUSTI miwah sesami ( ayat 30-31). Kados pundi kita saged nresnani GUSTI ingkang mboten kasad mripat, menawi dhateng sesami ingkang kasad mripat kemawon kadhang mboten saged?
Pasamuan ingkang dipun tresnani GUSTI YESUS KRISTUS, GUSTI sampun paring tuladha, GUSTI sampun langkung rumiyin nresnani kita kanthi wetah, tanpa mbenten-mbentenaaken sugih miskin, drajat pangkat, bodho pinter, kalenggahan miwah suku bangsa. Sedaya dipun trsnani GUSTI.
Nanging ingkang asring kita prangguli, menawi kita andum katresnan dhateng sesami kadhang asring pilih-pilih. Ingkang kados mekaten tentu kemawon mboten dados keparengipun GUSTI ALLAH. Kanthi punika, mangga kita tansah nindakaken angger-angger katresnan punika kanthi wetah ugi, mindakaken angger-angger katresnan kanthi lahir batos ing sadhengah kawontenan, tanpa mbenten-mbentenaken jumbuh kaliyan tuladhanipun GUSTI YESUS KRISTUS.
Sugeng enjang GUSTI mberkahi.
Pandonga:
GUSTI, matur nuwun Paduka sampun paring tuladha dhumateng kawula para abdi Paduka. Paduka sampun paring dhawuh supados kawulo tresna dhateng Paduka saha dhateng sesami kawulo, kawulo sumadya nyendikani dhawuh Paduka. Amin. (YSY – Grogol).