Waosan: Yakobus 1:12-18.
Nanging saben wong digodha dening pepenginane dhewe, jalaran disered sarta dibujuk dening pepenginane dhewe. Sarta manawa pepenginan iku wus ngandhut, mbanjur manak dosa, sarta manawa dosa iku wus mateng bakal nglairake pati. (Yakobus 1:14-15).
Renungan:
Cakepan waranggana jineman Uler Kambang mekaten:
- “Ora gampang wong urip neng alam donya”.
Ana wong kang duwe panemu: “Angel apane? Ngelih – mangan, ngantuk – turu, wis urip.” Iku panemune wong kang waton urip.
Gampang wong waton urip, angel wong urip waton. Waton urip ndurusi pepinginane dhewe:
- Ana ngomah sepi, pengin neng kutha sing rame. Neng kutha sing rame ora krasan, pengen bali mulih sing sepi.
- Yen mangsa panas, pitakon kapan arep adhem. Yen mangsa udan, duwe penjalukan mbok panas ya.
- Dhek isih bujang pengen nikah, sawetara suwe durung duwe anak. Bareng kaparingan anak, sambat rekasa, repot.
- Pengen kerja gajine gedhe, yen ana gawean memeng. Yen lagi ana panandhang lara, kekurangan, anane leangsa. Banjur ngucap mangkene: “Aku digodha dening Gusti Allah.”
Para kadnag kinasih ing Gusti Yesus, punika gambaran gesang mboten ngangge waton, naning waton urip. Kedah kita akeni bilih menawi taksih gesang mesthi nampi pacoban gesang, panandhang mboten saking Gusti, saking setan, nanging kacetha ing ayat 14 lan 15.
Geanging manungsa inggih gesang kita para pitados ing Gustu minagka siti garapanipun Gusti kadhang dados siti lempung campur krikil, kedah dipun luku, dipun gepuk, dipun garu supados wradin, dados gembur siap tanam wiji, Gusti kagungan karsa ingkang sae: Nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman Kasucene. (Ibrani 12:10).
Kita manungsa pasrah sumendhe Gusti, dados pribadi ingkang tansah atur panuwun:
- Tansah atur panuwun samangsa taksih ambegan
- Tansah bingah lan panuwun ing satengahing brayat
- Tansah bingah lan panuwun ing stanegahing masyarakat
- Tansah atur panuwun ing sadhengah kawontenan
- Sanes karemenan lan kapinginan piyambaj ingkang pun udi
- Gesang tentrem, bekti Gusti, tresna sesami.
Pandonga:
Dhuh Gusti, nyuwun kekiyatan, kasagedan anggen kawula nglampahi gesang, kawula kiat lan saged nyanggi sawarninipun pepalang. Nyuwun pangaksama awit ringkihing pitados pitados kawula, ngantos asring kesupen berkah pitulungan Paduka. Rancangan Paduka ingkang endah bekta kawilujengan gesang kawula. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).