Sanyata Gusti Allah Wonten ing Tengah-tengah Kita

Waosan: 1 Korinta 14:13-25.

Sakehing wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu” (1 Korinta 14:25).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Keramahan gereja ing wekdal punika mujudaken pokok penggalihan minangka kemajenganing peladosan. Para pelados kanthi sengkut gumregut anggenipun nindakaken peladosan kanthi gembiraning manah, miwah linandhesan raos tresna, ikhlas, silih angaosi, ngladosi saha sabar.

Para pelados lelados kanthi tinarbuka. Warganing pasamuan kedahipun rumaos bombong ing manah menawi wonten salah satunggal warganing pasamuan ingkang kepingin ndherek mbudi daya murih majenging pangertosan babagan manembah, ugi bab olah katresnan ing saklebeting pasamuwanipun Gusti.

Wonten ing waosan dinten punika, Rasul Paulus nelakaken bab pentingipun mbangun sesambetan ingkang sae ing antawisipun warganing pasamuwan setunggal lan setunggalipun. Sesambetan ingkang sae punika, liripun mboten tansah mada lan maido dhateng wargo ingkang kepingin ndherek peladosan, mesthinipun malah remen menawi wonten ingkang purun ndherek nyengkuyung peladosan, satemah saged ngraosaken bilih Gusti Allah mapan  utawi cumondhok wonten ing manah kita.

Kala semanten pasamuwan ing Korintus sami cengkah rembag bab anggenipun ngagem basa roh ingkang hanjalari pasamuwan sami cengkah pamanggih. Pungkasanipun Rasul Paulus ngengetaken, bilih ingkang baken sanes bahasa rohipun, ananging kanthi anugerah bahasa roh, kados pundi murih saged mbangun sesambetan bab olah katresnan, gesang kebak pirukun, andhap asor, mboten rumaos paling monjo, saha mboten tansah mada lan maido, nganggep tiyang sanes mboten pantes. Mila tiyang sanes pirsa: “O… jebulane wong Kristen ki kena di conto tenan , ora seneng ngala-ala wong, ora seneng di wah, ora golek aleman” lan sanes-sanesipun.

Sak punika mangga kita sami mawas dhiri, punapa kita sampun saged mbangun sesambetan kanthi sae dhateng warga pasamuan kita? Langkung-langkung dhateng warga sanes? Punapa kita sampun ngraosaken bilih Gusti Allah wonten ing tengah-tengah kita? Mangga kita sami mbangun sesambetan kita kanthi lembah manah, kebak pirukun, mboten rumaos paling monjo, temahan kita ngraosaken bilih: “Sanyata Gusti Allah wonten ing tengah-tengah kita”. Sugeng enjang Gusti mberkahi. Amin.

Pandonga:

Rama kaswargan, endah edining sabda pangandika Paduka saged kawula raosaken, kanyata kawula dereng saged nindakaken dhawuh Paduka kanthi wetah. Kawula dereng saged nindaaken sesambetan ingkang sae dhumatheng sanak sedherek kawula, ingkang kanthi punika kawula nyuwun lumunturing samodra haksama. Mekaten pasambat kawula mugi kajurungana ing berkah. Linandhesan rah korbanipun Gusti kawula Yesus Kristus kawula ndedonga nyuwun berkah. Amin. (Y Suyanto – Grogol).

 

Pos terkait