Setya ing Rancanganing Gusti Allah

Waosan: Purwaning Dumadi 41: 37-49; Lelakone Para Rasul 7:9-16.

 …. Nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan. (Lelakone Para Rasul 7:9b-10a).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Shalom sadherek patunggilan! Mugi sih katresnan ugi kuwaosipun Gusti Allah tansah nunggil ing kita sedaya.

Waosan wekdal sak punika saking Kitab Purwaning Dumadi ngemutaken kita babagan lelampahan gesangipun Yusuf, pribadi ingkang kebak ing Roh Allah. Pramila nuwuhaken kawicaksanan ugi akal budi ingkang sae kadosdene ingkang sampun dipun akeni dening Sang Prabu Pringon ratu ing wewengkon Mesir.

Kula pitados bilih sadaya sampun sami mangertos babagan carios lelampahan gesang Yusuf. Kados pundi Yusuf punika saestu dipun tresnani dening bapa tiyang sepuhipun. Dene katresananipun bapa kangge Yusuf menika dipun tampi para sadherekipun Yusuf kanthi raos srei lan nuwuhaken raos lan tumindak ingkang mboten sae dhateng Yusuf. Tumindak para sadherekipun Yusuf ingkang mboten sae lan jahat punika ngantos tega nyade Yusuf dateng tiyang saking ing Mesir. Carios cekakipun Yusuf nglampahi gesang ingakan mboten sae. Yusuf kaaniaya, dipun sia-sia dening para sadherekipun.

Nanging, ing waosan punika dipun cethakaken bilih Gusti Allah mboten nilar Yusuf ing gesang ingkang awrat punika. Malahan Yusuf dipun kanthi Roh Allah, lan Gusti Allah nunggil ing pribadi Yusuf. Pramila sedaya lelampahan awrat menika saged dipun lampahi, lan Gusti Allah paring pangluwaran saking kasangsaran, malah kaparingan Sih-Rahmat tuwin kawicaksanan.

Sadherek patunggilan kinasih, mbok bilih lelampahan gesang kita mboten lempeng lan karaos mbingahken kemawon, ananging ugi kepareng nampeni lelampahan ingkan nyisahaken. Raos gela, gerah lan karaosaken dados momotan ingkang awrat. Kita mboten perlu meri utawi iri kalihan lelampahan gesang sadherek kita ingkang sinawang sekeca lan kados-kados bingah terus. Raos srei-meri punika saget nuwuhaken tumindak ingkang mboten sae.

Ing wekdal sak punika, kita dipun emutaken lumantar lelampahan gesang Yusuf menika mugi nyagetaken kita wangsul ing pitados lan setya ing rancanganipun Gusti Allah. Menawi Roh Allah nunggil lan nganthi Yusuf nglampahi momotan gesang lan maringi Sih-Rahmat ngantos Yusuf dipun agem dados sarana Allah nylametaken Bapa Yakup lan para sadherekipun Yusuf, mila Roh Allah ingkang sami ugi badhe nunggil lan nganthi  ing sak-uruting gesang kita.

Sugeng nglampahi sadaya kawonten gesang. Sumangga yakin lan pasrah wonten ing Roh Allah ingkang paring pangluwaran saking momotan lan sangsara dipun gantos Sih-Rahmat tuwin kawicaksanan. Amin. (Rusmadi Dwi Antoro – Kulwo).

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan ke Leonardo3011 Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

28 Komentar