Waosan: Mateus 14:13-21.
Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake. (Mateus 14:14).
Renungan:
Para sadherek kinasih, sumangga wigatosaken perangan ayat 14 “…panggalihe trenyuh marga saka welase…” Gusti Yesus trenyuh dhateng tiyang kathah ingkang nusul Panjenenganipun. Kamangka Gusti Yesus nembe kemawon nampi pawartos bab sedhanipun Yokanan Pambaptis, sedya badhe nenepi lan temtu ngraosaken sungkawaning manah. Ewa semanten Gusti boten duka dhateng tiyang-tiyang punika, kepara karsa nyarasaken ingkang sakit. Tembung “penggalihe trenyuh” punika tegesipun raos ingkang tuwuh amargi tresna ingkang lebet saha empati ingkang saestu kiyat. Punika sanes welas asih ingkang pasif, ananging katresnan ingkang nuwuhaken tumindak nyata. Kita saged ningali bilih semanten ageng sihipun Gusti, saha dados pratandha bilih peladosanipun Gusti Yesus kawiwitan saking manah ingkang kebak ing katresnan, boten namung karana kawajiban. Punika ingkang sepisan.
Salajengipun, nalika dungkap dalu lan para murid nyuwun supados tiyang-tiyang pados tetedhan piyambak, Gusti dhawuh kinen para murid ingkang paring tetedhan. Tembung “namung” nggambaraken kawontenan rikala semanten panci winates. Ewa semanten Gusti ngendika “Gawanen mrene, wenehna Aku”. Panjenenganipun caos sokur, roti dipun cuwil-cuwil lan para sakabat dipun dhawuhi ngedumaken. Kanyata sadaya nedha ngantos wareg kepara taksih saged ngempal kalih welas bakul. Mila kita saged ningali bilih Gusti kuwaos ngagem ingkang “namung” kalawau dados lantaran boten kemawon kacekapan, ananging ugi lubering berkah. Punika ingkang kaping kalih. Dene ingkang kaping tiga, cariyos punika nedahaken bilih Gusti Yesus ngersakaken para murid ndherek lelados ing salebeting pakaryanipun nelakaken sih tresna dhateng jagad. Panjenenganipun boten ngendika pados ingkang sampurna, ananging lumantar cariyos kalawau saged katingalan bilih Gusti kuwaos ngagem manah ingkang sumadya dados lantaran mujizatipun kababar.
Para sadherek kinasih, punapa ingkang saged kita sinau saking cariyos kalawau? Gusti nimbali kita tandhang damel ing pakaryanipun kanthi ngginakaken sadaya ingkang sampun Gusti paringaken kangge mbabaraken sihipun Gusti. Linangkung nalika kita miwiti wulan kebangsaan ing warsa 2026 punika. Kanthi tema “Sinaosa Alit, Ageng Paedahipun” kita kabereg kinen boten ngremehaken sadaya ingkang sampun Gusti paringaken dhateng kita. Kalawau cetha bilih Gusti kuwaos ngagem ingkang “namung” dados sarana lubering berkahipun. Saben kita gadhah “roti gangsal lan kalih ulam” ingkang saged dipun agem mbabaraken mujizatipun. Saged kemawon arupi wekdal kangge migatosaken sesami, saged ugi arupi pamanggih lan ide kangge mbangun gesang langkung rukun ing tengahing masyarakat, saged arupi tumindak nyata nyatunggil lan nyengkuyung sadaya kegiatan kemasyarakatan, lan temtu taksih kathah sanesipun.
Bangsa lan negari kita punika kemajenganipun gumantung kaliyan sadaya warga negarinipun, boten kemawon para wakil-wakil rakyat. Sinten kemawon lan punapa kemawon kasagedanipun punapa dene pakaryanipun, kedahipun sami sangkul-sinangkul mujudaken kaadilan saha solidaritas kangge sadaya warganing negari Indonesia. KH Abdurrahman Wahid, utawi Presiden Gus Dur nate ngendika, “Tidak penting apa pun agama atau sukumu… kalau kamu bisa melakukan sesuatu yang baik untuk semua orang, orang tidak akan tanya apa agamamu.” Tegesipun, panci mbangun negari Indonesia ingkang adil lan makmur punika dados tanggel jawab sadaya warga negari Indonesia, kalebet kita. Nalika kita sumadya ngginakaken kasagedan kita kangge lelados mbangun negari lan masyarakat sakiwa tengen kita, sayektosipun kita saweg tandhang damel ing pakaryanipun Gusti Yesus martosaken tentrem rahayu.
Para sadherek kinasih, ewa semanten anggen kita ngginakaken kasagedan kita sowang-sowang punika dhasaripun kedah sami, inggih punika manah kadosdene Gusti Yesus. “Trenyuh panggalihe”, inggih punika manah ingkang kebak katresnan lan raos eklas. Punapa kemawon kasagedanipun, kapinteranipun, pakaryanipun, kedah katindakaken kanthi manah ingkang eklas lan kebak raos tresna, inggih boten kepeksa lan pamrih. Presiden RI ingkang kaping 3, B.J. Habibie, nate ngendika: “Tanpa cinta, kecerdasan itu berbahaya. Tapi tanpa kecerdasan, cinta itu tidak cukup.” Saking tembung punika kita saged sinau bilih mbangun negari kanthi tumindak nyata adedhasar kasagedan kita punika, sanesipun kedah kebak katresnan lan eklasing manah, ugi kedah sinarengan kawicaksanan. Gandheng kita punika winates, mila sadaya punika dados proses sinau sepanjang hayat. Gusti ngutus, Gusti mirantosi.
Sumangga mbangun bangsa lan negari kita punika kanthi sadaya kasagedan ingkang sampun Gusti paringaken. Ingkang “namung” kanyata saged dipun agem dening Gusti mbabaraken mujizat ageng ingkang maedahi. Awit saking punika sumangga kita ginakaken kasagedan kita kanthi tumemen. Amin.
Pandonga:
Kawula sumadya Gusti, ngginakaken sadaya kasagedan kawula ingkang Paduka paringaken. Mugi kersaa Paduka ngagem sadaya punika dados lantaran kebabaring mujizat Paduka, inggih sih katresnan lan tentrem rahayu dhateng jagad punika. Pinujia asma Paduka langgeng ing salaminipun. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).
