Katresnanipun Gusti Kangge Sedaya Tiyang

Waosan: Yunus 3:10-4:11

“Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?” (Yunus 4:11).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Para sadherek ingkang kinasih, mbok menawi kita nate manggihi kawontenan ing pundi “Lho, kok wonge isih diwenehi kesempatan to? Genah salah lho wonge kui.” Punika gegambaran kemawon bilih kadangkala manungsa saged rumaos bilih wonten tiyang sanes ingkang boten pantes nampi pangapunten, katresnan, punapa dene ingkang sinebat kesempatan kedua. Kados-kados “Menawi lepat, nggih lepat. Titik.” Ingkang dipun raosaken dening Yunus ing waosan kita kalawau kirang langkung kados mekaten.

Nalikanipun Allah nyumerepi pamratobatipun para tiyang Niniwe, bilai ingkang badhe kadhawaken dipun wurungaken. Kanyata bab punika nguciwani manahipun Yunus lan damel dukanipun. Piyambakipun rumaos menawi Niniwe pantes nampi paukuman. Ananging ing sisih sanes, Yunus piyambak ngakeni bilih Gusti Allah punika “…asih-mirma saha welasan, ageng kasabaranipun…” (ay. 2). Tegesipun, tumrap Yunus ingkang dados perkawis sanes bab sih katresnanipun Allah, ananging bab tiyang ingkang nampeni sihipun Allah punika. Yunus boten kawratan bab Allah ingkang nresnani, sadangunipun katresnan punika boten kaparingaken dhateng Niniwe, kirang langkung mekaten.

Gusti Allah lajeng ngagem wit jarak kangge mbikak manahipun Yunus. Menawi kita wigatosaken cariyos kalawau, Yunus remen sanget dhateng wit jarak ingkang ngeyubi lan nglipur piyambakipun. Ananging nalika witipun pejah, Yunus gela sanget ngantos sedya badhe mati kemawon. Pramila Gusti Allah mbereg Yunus menggalih, menawi Yunus remen sanget bab wit jarak ingkang boten katanem dening piyambakipun, punapa inggih Gusti Allah boten ngeman dhateng Niniwe ingkang sami saestu mratobat? Yunus namung ningali kalepatanipun Niniwe “salah yo salah, titik.” Ananging Gusti Allah mirsani gesangipun tiyang Niniwe sawetahipun. Panci gadhah kalepatan, ananging Gusti Allah boten saged ngendelaken pamratobat ingkang kapratelakaken kanthi tulusing manah. Sisih sanes, cariyos punika ugi nandhesaken bilih ukuranipun manungsa boten saged ngalang-alangi sih katresnanipun Gusti. Basa sanesipun, sih katresnanipun Gusti punika sejatosipun kababar kangge sadaya tiyang.

Para sadherek ingkang kinasih, saking waosan punika kita sadaya nampi piwucal saking Gusti, bilih Panjenenganipun nresnani sadaya tiyang. Sih katresnanipun langkung wiyar tinimbang wates-wates punapa dene ukuran ingkang kaagem dening manungsa dhateng sesaminipun. Manungsa saged nganggep sesaminipun boten pantes, ananging sih katresnanipun Allah nglangkungi pamanggih punika lan kawelasanipun kapratelakaken kangge sadaya manungsa.

Awit saking punika, kita kaemutaken timbalan kita kinen nresnani sesami. Bab punika katindakaken kawiwitan saking pamawas kita dhateng tiyang ingkang nate nindakaken kalepatan dhaten kita. Nalika tiyangipun temen-temen ngewahi gesangipun, boten samesthinipun kita ngungkit-ungkit ingkang sampun kalampah kangge mbuktekaken bilih piyambakipun tetep lepat lan dereng pantes dipun apunteni. Sabdanipun Gusti minggu kapengker nimbali kita bilih asung pangapunten samesthinipun dados margining gesang ingkang tansah kita lampahi. Conto kemawon ing tengahing brayat. Nalika perangan brayat ingkang nate lepat sampun saestu nyuwun ngapura lan ngewahi gesangipun,  sampun ngantos kita malah ngginakaken kalepaten piyambakipun ing mangsa kapengker minangka “gaman” ingkang ngakimi ing wekdal sapunika. Asung pangapunten ateges boten ngginakaken kalepatan tiyang sanes ing mangsa kapengker minangka paukuman dhateng piyambakipun sadangunipun gesang.

Mekaten ugi ing satengahing sesambetan kita kaliyan masyarakat. Nalika wonten ingkang nindakaken kalepatan, prayogi kita boten tumut “ngompor-ngompori.” Padhatan ukaranipun kados mekaten “Ooo pancen ngono kui wonge, jenenge elek arep kepiye wae yo elek.” Utawi “Dhasare angel, wis gawan kui, amit-amit.” Boten prayogi kados mekaten. Suwalikipun, kedahipun kita menggalih bab punapa ingkang saged kita tindakaken murih kasaenanipun. Kadosdene kita mbetahaken pemulihan, tiyang sanes temtu ugi mbetahaken bab punika. Kadosdene Gusti Allah nresnani kita, mekaten ugi sihipun Allah kapratelakaken kagge tiyang sanes. Pramila, menawi kita boten saged nulung, sampun ngantos kita malah menthung. Ananging badhe kadospundi, kita minangka seksi-seksinipun Gusti kedah tansah mbudidaya dados lantaran sihipun Allah ingkang mulihaken.

Para sadherek ingkang kinasih, pitakenanipun Gusti Allah dhateng Yunus sayektosipun ugi katujokaken dhateng kita, “Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe…?” Sih katresnanipun Allah sayektosipun kababar dhateng sadaya tiyang. Sanes panduman kita nemtokaken sinten ingkang pantes lan bonten, ananging timbalan kita inggih punika tansah nyunaraken sihipun Allah punika dhateng sintena kemawon. Amin.

Doa:

Allah kawula ingkang Mahaasih, linuhurna asma Paduka langgeng ing salaminipun. Adedhasar sabda sewau, kawula sumadya tansah ngrumaosi bilih sih Paduka saestu kababar kangge sadaya tiyang. Pramila kawula ugi sumadya tansah nresnani sadaya tiyang kadosdene ingkang sampun Paduka tindakaken langkung rumiyin. Kawula nyuwun kawicaksanan Gusti, temah sembada nindakaken kanthi setya. Wonten ing Sang Kristus Yesus kawula dedonga, Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).

 

 

Pos terkait