Waosan: Lelakone Para Rasul 26:19-29.
“Awit saking punika, dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula boten nate boten mbangun miturut dhumateng wahyu saking swarga punika.” (Lelakone Para Rasul 26:19).
Renungan:
Wonten unen-unen mekaten: “Anjing menggonggong, kafilah tetap berlalu”. Punika minangka gegambaran bab tiyang nggondeli pemanggihipun, sinaosa dipun saruwe utawi dipun alang-alangi dening tiyang. Sedaya kekah ing pemanggih punika dipun landhesi dening pangandel ingkang bakuh, ingkang dipun landhesi ingkang bakuh bilih ingkang dipun ugemi punika sampun leres lan pener.
Ing waosan kita samangke, Rasul Paulus ugi nedhahakaen bilih punapa ingkang dipun ugemi punika leres. Piyambakipun atur paseksi bab punika ing ngajengipun Prabu Agripa. Rasul Paulus nyariyosaken bab kados pundi anggenipun Gusti Yesus manggihi piyambakipun, nimbali sarta ndhawuhi supados dados seksi bab kabar kabingahan kangge sedaya tiyang supados sami mratobat lan pitados dhumateng Sang Kristus.
Tumraping Rasul Paulus, dhawuhipun Gusti Yesus punika minangka wahyu tumurun saking swarga ingkang kedah dipun pundhi sarta kawujudaken sinaosa ngadhepi maneka warni pepalang. Pramila ing ngajengipun Prabu Agripa, Rasul Paulus nedahaken bilih piyambakipun langkung mbangun miturut netepi wahyu punika sinaosa kedah ngadhepi bebaya lan pepalang. Tumindapiun Rasul Paulus punika dados tuladha kangge kita ing samangke supados sami wantun mbabar kabingahan dhateng tiyang sanes kadosdene dhawuh timbalanipun Gusti Allah dhateng saben tiyang pitados supados sami ngraosaken agenging sihipun Gusti Allah.
Temtu kemawon sadaya punika kita wujudaken mboten kanthi kepeksa, nanging kanthi patrap alusing budi. Kadosdene Sang Roh Suci sampun nuntun Rasul Paulus, mekaten ugi Panjenenganipun badhe nuntun kita nalika martosaken asma lan sihipun Gusti Yesus Kristus. Pramila sumangga martosaken kabar kabingahan bab katresnanipun Gustu Allah lumantar tetembungan lan tumindak nyata ing gesang kita padintenan. Mugi Gusti Yesus Kristus tansh nyarengi nganthi sakuruting gesang kita. Amin.
Pandonga:
Gusti Allah ingkang maha mulya, kawula mareg wonten ngarsa Paduka Gusti, saestu ageng sih Paduka tansah makarya lan ngrimati gesang kawula. Kasagedna kawula tansah mbudi daya gesang ajrih asoh dhumateng Paduka, lan kasagedna kawula nindakaken timbalan Paduka mbabaraken kawilujengan dhateng sesami, murih jagad punika tentrem basuki. Wonten ing Gusti Yesus Kristus, pandonga punika kawula aturaken. Amin. (Endang Sumiyarti – Karanganom).





