Panglipuran Sejati: Sesambetan Langgeng Kaliyan Gusti

Bacaan: Yokanan 14:1-14.

Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku. (Yokanan 14:6).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Para sadherek ingkang kinasih, kadospundi raosipun menawi dumadakan koneksi video-call kita pedhot? Kamangka nembe ngudari raos kangen kaliyan sadherek ingkang tebih papanipun? “Lho kok pedhot, kepiye to?” Kita mangertos bilih sadherek kita tetep wonten ing papanipun, ananging pedhoting koneksi ing video-call kalawau tetep saged dadosaken kita gela, kepara kuwur ing manah. Punika dados gambaran prasaja ngengingi ingkang kalampah wonten ing waosan kita kalawau.

Kita kedah mangertos bilih kawontenan ing Yokanan 14 kalimput ing raos sumelang, kuwur, lan ugi semplah. Jalaranipun inggih punika Gusti Yesus ing perangan saderengipun (bab 13) ngwijiki sukunipun para murid, ngendika badhe tindak, ngendika bab cidraning salah satunggaling murid, kalebet Petrus ingkang badhe nyelaki. Ing kawontenan kadaos mekaten, Gusti Yesus ngendika “Atimu aja melang-melang”. Punapa punika tegesipun Gusti Yesus dhawuh nyelaki kasunyatan? Boten! Gusti Yesus mbereg para murid kinen sumadya tetep pitados dhumateng Panjenenganipun. Kenging punapa? Sebab tindakipun punika nyawisaken “papan”, ananging lajeng benjangipun badhe rawuh malih ngajak para murid. “…supaya ing ngendi padununganKu, kowe iya padha anaa ing kono uga.” Tegesipun “Daleme Sang Rama” punika boten utaminipun ngrembag bab “papan” ingkang tebih, ananging bab tansah sesarengan kaliyan Gusti Yesus piyambak. Perangan punika nandhesaken bab “kalih sinten”, sanes “dhateng pundi”. Nalika para murid sumadya tetep pitados, ateges badhe tansah dados satunggal kaliyan Gusti Yesus.

Langkung katandhesaken malih wonten ing ayat 6 “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.” Saha ayat 9, “Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama.” Perangan punika wigatos sanget sebab nelakaken bilih Sang Rama lan Gusti Yesus punika satunggal. Sinten ingkang rumaket kaliyan Gusti Yesus, ateges rumaket lan nyatunggil kaliyan Sang Rama. Kanthi mekaten nyethakaken bilih sesambetan kaliyan Allah punika kalampah langgeng wiwit ing sapunika, nalika para murid sumadya tansah pitados dhumateng Gusti Yesus, kepara boten saged kapisahaken dening pepejah satata badaniah.

Para sadherek ingkang kinasih, Gusti Yesus boten kemawon damel lereming para murid, langkung saking punika inggih paring panglipuran ingkang sejati. Punapa punika? Bilih boten wonten ingkang saged medhot sesambetan kaliyan Gusti Yesus nalika tansah sumadya pitados dhumateng Panjenenganipun. Sesambetan langgeng kaliyan Gusti Yesus punika tegesipun kita boten badhe nate lumampah piyambakan. Wonten margi ingkang cetha, wonten panganthi ingkang nyata, lan pepesthen bilih gesang kita winengku ing sihipun Gusti. Kanthi mekaten, kedahipun gesang kita tansah linuberan tentrem rahayu. Sisih sanes ugi nandhesaken bilih ingkang asring kasebat “swarga” punika sanes papan, ananging kawontenan lan sesambetan ingkang rumaket lan kebak ing katresnan kaliyan Gusti Allah sapunika ngantos ing salaminipun.

Awit saking punika, saben kita tinimbalan tansah ngrimati sesambetan ingkang sampun Gusti paringaken minangka sih rahmat punika. Sayektosipun, nalika kita tegen kadosdene ing pandonga lan emut kaliyan Gusti ing samukawis ingkang kita tindakaken, dadosaken kita gadhah kakiyatan ingkang langkung kathah. Bab punika laras kaliyan pangertosan ing khasanah psikologi bilih saben manungsa betahaken sesambetan ingkang prayogi (stabil) kangge tansah ngraosaken ayem tentrem (aman). Mila temtu satata kapitadosan, sesambetan punika inggih kaliyan Gusti Yesus. Sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti, ndayani kita tetep saged gadhah pangajeng-ajeng sinaosa aben ajeng kaliyan maneka warni perkawis ing gesang punika. Sebab kita mangertos, bilih kita boten piyambakan ananging tansah tinunggil lan kapitulungan dening Gusti.

Kaping kalih, sumangga kita dados tuking panglipuran dhateng sadaya tiyang kalebet jagad punika, kadosdene ingkang sampun Gusti Yesus tindakaken langkung rumiyin. Kathah temtu conto-conto ingkang saged kita tindakaken, kadosdene mirengaken pangandikanipun tiyang sanes ngantos rampit nembe paring wangsulan; nalika wonten cariyos ingkang taksih “jare”, boten enggal-enggal dipun sebar (ngompori), ananging sidhem lan mbudidaya pawartos ingkang saestu leres. Ingkang baken, tiyang sanes punika rumaos sekeca, ayem, aman nalika celak kaliyan kita.  Mekaten ugi dhateng jagad punika supados sageda lestantun prayogi dados papan ingkang ngremenaken kangge kita kalebet dhateng generasi salajengipun. Punapa saged kalampah bab punika? Kedahipun saged nalika tentrem-rahayunipun Gusti estu-estu nguwaosi manah kita.

Pasamuwan ingkang kinasih, Gusti Yesus sampun prajanji bilih sesambeten kaliyan Panjenenganipun lumampah langgeng. Wonten ing Panjenenganipun ugi kita gadhah panglipuran ingkang sejati lan pepesthen bilih kita boten lumampah piyambakan. Pramila, punapa kita sumadya tumemen nglampahi gesang kanthi tansah rumaket (terhubung) kaliyan Panjenenganipun?

Pandonga:

Kawula saestu ngaturaken panuwun sokur dhumateng Paduka, Gusti. Paduka nelakaken panglipuran sejati, inggih punika sesambetan langgeng kaliyan Paduka, ateges tansah sesarengan Paduka ing sadengah kawontenan wiwit sapunika ngantos salaminipun. Mila kawula sumadya tansah pitados lan mbangun miturut dhumateng Paduka. Wonten ing asma dalem Sang Kristus Yesus, Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).

 

 

Pos terkait