Waosan: Lelakone Para Rasul 7:44-56.
Langit iku dhamparingSun, sarta bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun. (Lelakone Para Rasul 7:46a).
Renungan:
Kita nate mireng tetembungan: “Adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan”. Mawi tetembungan sanes: “Jauh tiada jarak, dekat tak bersinggungan”. Mangga kita udhari mbaka sekedhik, kagathukaken kaiyan ayat-ayat ing Lelakone Para Rasul punika. Kula sengaja ngginakaken basa Jawa prasaha (basa bagongan), murih saged gampil katampi, idheo-idhep kita sareng sinau.
Bapak Ibu Sadherek ingkang dipun kasihi Gusti, menawi kita nyinau sejarah ing Prajanjian Lami, sesambetan maaaanungsa kaliyan Gusti Allah punika celak sanget. Mila Allah asring ngetingal utawi manggihi umatipun ingkah pinilih, paring dhawuh utawi pepenget bab mbambah margining kaleresan. Conto: Allah kaliyan 2 malaikat manggihi Abraham, Allah manggihi Yakub ing Betel, Allah manggihi Musa makaping-kaping, Allah manggihi Yosua, lan taksih kathah malih. Sedaya punika nyethakaken bilih Allah punika tansah nganthi lan ngreksa umatipun.
Ing papan-papan Gusti Allah manggihi, lajeng damel tetenger (mawi sela utawi misbah) kangge ngluhuraken Gusti, awit sami nggadhahi pamanggih Allah dedalem wonten mriku. Kedadosan mekaten ngantos dumugi jamanipun para raja lan para rasul. Mila ing waosan Para Rasul 7:44-56, Sang Prabu Dawud kepengin yasa Padaleman Suci sanadyan Gusti Allah boten marengaken. Putranipun Sang Prabu Suleman ingkang dipun parengaken yasa Padaleman Suci, tujuanipun kangge papan manembah dhateng Gusti Allah. Sebab umat sami pitados, ing pedaleman suci punika GUsti Allah wonten.
Nanging kados pundi ingkang dados kersanipun Gusti? Gusti Allah boten dedalem ing yasaning tangan manungsa. Katulis seratan: “Langit iku dhamparingSun, sarta bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun”. (Lelakone Para Rasul 7:49).
Bapak Ibu Sadherek, lajeng wonten pundi Gusti Allah punika? Wonten pangandikan: “Menawa ana wong loro atawa luwih kumpul lan ngrembug Ingsun, Ingsun iya ana ing kono.” Gusti dedalem ing saben tiyang ingkang mbikak koringing manahipun, nampi rawuhipun Gusti. Kita punika pribadi-pribadi padalemanipun Gusti. Greja ingkang paling alit.
Lajeng kados pundi supados kita dados padalemanipun Gusti? Kados pepengetanipun tiyang wicaksana Sang Prabu Suleman ingkang kaserat ing Wulang Bebasan 3:5-12) paring pitedah mekaten:
- Tansah kumandel dhateng Gusti Allah kanthi gumolonging manah,
- Boten nampik pamerdinipun Allah,
- Pasrah dhumateng panguwaosipun Allah,
- Ngluhuraken Allah kanthi sawetahing gesang,
Menawi kita saged gesang ingkang nyndhongi pepenget punika, Busti badhe dedalem ing gesang kita. Adoh tanpa wangenan celak tanpa senggolan, tegesipun Gusti Allah nyatunggil ing gesang kita.
Pandonga:
Gusti Allah ingkang maha luhur, kawula ngrumaosi manungsa ingkang ringkih lan winates. Mugi Paduka oaring pitulung ing sawekdal-wekdal. Kawula mugi Paduka sagedaken mbikak korining manah kawula, temah Paduka dedalem ing gesang kawwula. Gusti, mugi Paduka tansah mbereg, supados kawula tansah emut piwucal Paduka, temah kawula ngraosaken gesang ingkang tentrem lan rahayu. Amin. (Rebita Birat Salaga – Kulwo).






