Waosan: Lukas 20:27-40.
“Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip, awit kang ana ing ngarsane kabeh iku wong urip.” – Lukas 20:38.
Renungan:
Bapak, Ibu, lan para sadherek ingkang kinasih ing Gusti Yesus Kristus, Gusti Allah ingkang gesang punika pinasthi maringaken gesang. Tegesipun sedaya pakaryanipun temtu badhe njalari gesang. Pancen mboten sedaya kawontenan saged dipun tampi minangka kawontenan ingkang nggesangaken, kadosta nalika wonten ingkang ngajal. Nanging wonten mriku saben titah dipun agem kangge njarwakaken tegesing gesang ingkang sejatos. Gesang ingkang mboten winengku ing karingkihaning raga, nanging malah saged nglangkungi sedaya kawontenan ingkang pinanggih ringkih ing jagad. Liripun ing kawontenan ingkang ngrangkani gesangipun sedaya tumitah punika pancen kadunungan karingkihan, nanging nalika manungsa manggihaken dayaning gesang ingkang saking Gusti Allah ingkang gesang, punika ugi saged nggesangaken .
Gusti Yesus kepareng nedahaken bab Allah ingkang gesang. Allah ingkang gesang punika tansah nunggil ing gesangipun manungsa. Punika saged dipun gatosaken ing panunggilipun dateng sedaya para sesepuhing bangsa Israel. Gusti Allah pranyata nunggil ing jamanipun Bapa Abraham, Bapa Iskak, tuwin Bapa Yakub. Ing saben panunggilipun Gusti Allah punika kepaereng nyawabi gesang. Punika ingkang kedah tansah dipun gatosaken minangka pakaryan ingkang nggesangaken.
Kados pundi Gusti Allah tansah maringaken gesang ingkang kita lampahi ing gesang padintenan? Samangke ingkang baken manungsanipun badhe gesang kanthi nggegesang pakaryanipun Gusti utawi penggalihipun piyambak. Menawi penggalihipun piyambak temtu boten badhe gaduk nyandhak ingkang dados pakaryanipun Gusti. Malah ingkang wonten namun badhe selak lan nampik gesang ingkang saking Gusti Allah. Ing ngriki manungsa utawi kita kita dipun bereg manggihaken gesang ingkang saking Gusti, temahan gesangipun saged langgeng sinaosa raganipun kedah ngalami ngajal.
Bapak, Ibu, lan para sadherek ingkang kinasih, sumangga kita tansah njagi gesang manut lan mbangun miturut dumateng Gusti, kita tansah mbudi daya gesang wonten ing Gusti Yesus.
Pandonga:
Dhuh Gusti, mugi paduka tansah ngrimati, nganthi lan nunggil ing lampah pagesngan kawula ing saben ndinten, matemah gesang kawula mungguh wonten ing ngarsa oaduka Gusti, lan mugi Padula eneraken kawula ing karsa Paduka. Amin. (Endang Sumiyarti – Karanganom).






