Nilaraken Kawontenan ingkang Sampun Sekeca kangge Lelados ing Satengahing Bangsa

Bacaan: Mateus 16:21-28.

Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku. (Mateus 16:24).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Para sadherek kinasih, wonten istilah “mager” (sanes masang pager) ananging singkatan saking malas gerak, contonipun sampun kebacut sekeca leyeh-leyeh lajeng memeng badhe nindakaken samukawis. Wonten ugi istlah sanes ingkang ngemot pangertosan sami inggih punika “PW” utawi posisi wenak, tegesipun sami kados wau. Ringkesipun sampun kebacut sekeca lajeng aras-arasen badhe nindakaken samukawis. Sayektosipun boten wonten ingkang lepat saking ngraosaken sekeca, kenyamanan. Raos sekeca utawi nyaman punika kita betahaken, kita perlu ngaso, ngraosaken kasiling panyambut damel, saha pagesangan ingkang ayem. Ananging sadaya punika saged wiwit dados perkawis menawi dadosaken kita ‘blas’ boten purun nindakaken punapa-punapa kalebet tumindak ingkang sae saha migunani dhateng tiyang sanes. Kadospundi menawi miturut sabdanipun Gusti?

Gusti Yesus ngandharaken bilih Panjenenganipun kedah tindak dhateng Yerusalem, nglampahi kasangsaran, seda, lajeng wungu ing dinten kaping tiga. Kanyata Petrus boten saged nampi bab punika. Piyambakipun munjuk “Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Paduka ngantos kataman ingkang makaten punika.” (ay. 22). Kadosipun ing ngriki Petrus taksih ngajeng-ajeng Sang Mesih ingkang menang satata politis lan nelakaken panguwaos tanpa perlu manggih kasangsaran. Pamanggih punika saged kawastanan “zona nyaman” gadhahipun Petrus, inggih punika ingkang karaos saestu leres. Mila lajeng Gusti Yesus melehaken. Lelampahan punika sanes amargi Petrus boten pitados bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih, ananging amargi pangertosanipun Petrus bab Sang Mesih bebencengan kaliyan ingkang dados karsanipun Gusti Yesus. Tumraping Petrus, lelampahan sangsara punika boten cocok kaliyan gambaran Sang Mesih ingkang kedahipun menang. Wondene Gusti Yesus nedahaken bilih margining salib punika sayektosipun minangka pratandha pakaryanipun Allah nelakaken kamenangan sejati ingkang mbekta tentrem rahayu.

Sasampunipun punika, Gusti Yesus lajeng ngendika bilih margi ingkang dipun lampahi dening Panjenenganipun dados timbalan ugi dhateng para pandherekipun, “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku.” (ay. 24). Nyingkur dhiri pribadi punika tegesipun boten mapanaken pikajeng lan kapentingan pribadi minangka kautamaning gesang. Dene manggul salib punika ateges sumadya nanggel resiko lan momotan amargi kasetyan dhateng Sang Kristus. Perangan pungkasan “melua aku” ngemot pangatag kinen para pandherekipun Gusti Yesus tansah mbangun miturut dhumateng Panjenenganipun badhea kados pundi kemawon. Lajeng punapa tegesipun nylametake bakal kelangan, lan kelangan nyawa amargi Gusti punika bakal nemu (ay. 25)? Tiyang ingkang namung menggalihaken dhiri pribadi lan boten peduli dhateng tiyang sanes, mbok menawi panci saged ngraosaken sekeca kangge dhirinipun piyambak. Ananging bab punika saged njalari tiyang sanes ugi tumindak sami dhateng piyambakipun. Wusana kecalan pagesangan sesarengan kaliyan tiyang sanes. Mekaten ugi suwalikipun. Pramila Gusti nandhesaken muspra kemawon pikantuk donya ananging kecalan nyawa.

Para sadherek kinasih, saking waosan kalawau kita saged nyinau bilih ndherek Gusti Yesus punika kanyata bab kasagahan nilaraken kapentingan pribadi, zona nyaman, raos mager lan PW, nalika sadaya punika dados pepalang mbangun miturut dhumateng Gusti Yesus. Mungkasi Wulan Kebangsaan 2026 punika, kita tinimbalan sumadya nilaraken zona nyaman kangge lelados ing satengahing bangsa, inggih gesang ing satengahing masyarakat. Nilar zona nyaman punika sanes ateges kita boten perlu pagesangan ingkang aman saha nyaman, ananging minangka kesadharan kita sumadya mbudidaya supados menawi “kula sekeca, tiyang sanes ugi sekeca.” Kanthi mekaten nilaraken zona nyaman punika tegesipun nindakaken ewah-ewahan, menawi saderengipun “berpusat pada diri pribadi” tumuju dhateng “berpusat pada kesejahteraan bersama”.

Wonten ing gesang padintenan kita asring aben ajeng kaliyan maneka warni pilihan ngengingi kenyamanan pribadi saha kapentingan kaliyan tiyang kathah. Conto kemawon sampun saestu sayah nyambut damel sedinten. Kaleresan karaos pegel sanget badhanipun, kamangka dalunipun sampun jadwalipun arisan. Ing kawontenan kados mekaten, saged kemawon kita miji boten bidhal. Ananging nalika miji tetep bidhal saha menggalih “awakku pancen kesel, tapi tak tetep mangkat arisan, wong yo biasane ora suwe banget.” Punika conto kemawon, bilih kita saged miji nilar zona nyaman ingkang “berpusat diri pribadi”, ewah dhateng “berpusat pada kesejahteraan bersama.” Menggahing para siswa sekolah utawi mahasiswa, conton kemawon manggihaken rencangipun wonten ingkang tukaran. Temtu saged boten badhe tumindak punapa-punapa, “gah, mengko aku malah bisa melu dilok’ke”. Ananging nalika sumadya dados penengah sinaosa saged pikantuk konsekuensi boten sekeca, punika ugi sinebat sumadya nilaraken zona nyaman pribadi murih kasaenanipun tiyang kathah.

Lajeng kadospundi ngengingi nggegesang ing satengahing bangsa lan negari? Saged kawiwitan lumantar bab-bab prasaja ing padintenan ugi. Kalawau Gusti ngendika, “ngeman malah kecalan, kecalan bakal nemu”. Contonipun ingkang nate viral ing media sosial lan punika boten saweg ngasoraken ingkang dados conto punika. Inggih punika tiyang nyade walang goreng ngangge mika bening. Saking jawi ketingal kathah isinipun, ananging kanyata salebetipun mika dipun pasang kadosdene kerdus kandel. Kanthi mekaten, sampun reginipun awis kanyata isinipun sayektosipun namun sakedhik. Punika conto kemawon, bilih lelampahan ngeman kanthi boten prayogi malah saged njalari kita kecalan. Menawi sampun kados mekaten, tiyang lajeng wiwit gela lan kecalan raos pitados (kepercayaan). Wusananipun boten purun malih mundhut wonten ngriku. Kanthi conto punika, sumangga kita tansah mbudidaya sumadya nelakaken tata gesang ingkang saestu prayogi lan migunani, boten damel tiyang sanes kuciwa, ananging saya tuwuh raos pitadosipun (kepercayaan). Menawi tiyang langkung pitados dhateng kita, temtu ing sesambetan ing salajengipun dados langkung sekeca lan prayogi. Kasagahan kita kecalan “tenaga” kangge jujur, ndadosaken kita pikantuk “raos pitados, kepercayaan” saking tiyang sanes.

Para sadherek kinasih, ngetut wingking Gusti Yesus ateges sumadya lumampah ing margi ingkang sampun katedahaken dening Panjenenganipun. Sumangga tansah mbudidaya nilaraken zona nyaman kangge lelados ing satengahing bangsa lan negari, kawiwitan saking lingkungan sakiwa tengen kita, mujudaken gesang ingkang kebak ayem tentrem kangge sadaya tiyang. Gusti mberkahi.

Pandonga:

Sinagedna kawula Gusti, tansah lelados ing satengahing madyaning masyarakat. Kadosdene Paduka sampun langkung rumiyin maringaken tentrem rahayu dhateng kawula, kawula sumadya martosaken tentrem rahayu Paduka punika dhateng bangsa lan negari kawula kawiwitan saking lingkungan sakiwa tengan kawula. Mugi sadaya punika wangsul namung kagem kaluhuraning asma Paduka. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).

 

 

Pos terkait