Teks Proklamasi

Waosan: Rum 8:1-11.

Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati. (Rum 8:2).

Bacaan Lainnya

Renungan:

“Proklamasi: Kami bangsa Indonesia dengan ini menjatakan Kemerdekaan Indonesia. Hal-hal jang mengenai pemindahan kekoeasaan d.l.l., diselenggarakan dengan tjara seksama dan dalam tempo jang sesingkat-singkatnja. Djakarta, hari 17 boelan 8 tahoen ’05. Atas nama bangsa Indonesia, Soekarno/Hatta.”

Menika teks Proklamasi Kemerdekaan Indonesia. Kados pundi rakyat Indonesia rikala Bung Karno maos? Mesthi kemawon sami sorak: “Merdeka”. Sami bingah, sami nyanyi, jejogedan, sami rangkulan raos haru.

Badhe gesang bebas saking penjajah bangsa asing, negari badhe bebas ngatur pamarentahan piyambak, ngudi katentremaning warga negari. Warganing negari sami nindakaken pakaryan kangge ngisi kamardikan.

Warga ingkang kinasih Gusti Yesus, wonten ing Kitab Suci kaserat Teks Proklamasi kangge warga pitados. Serat Rum 8:1-2 ingkang mekaten: Kang iku saiki wis ora ana paukuman maneh tumrap wong kang padha ana ing Sang Kristus Yesus. Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati.

Kados pundi raosipun anggen kita nampeni? Sungguh kita bersyukur, rahipun Gusti Yesus kepareng nebus sakathahing dosa kita tiyang pitados. Boten namung menika, kita ingkang kajajah dening dosa pikantuk kamardikan ingkang sejati. Boten kaukum, malah kacadhong kaswargan, awit kaangkat dados putranipun Allah.

Rakyat Indonesia ngisi kamardikan kanthi mbangun nagari. Kita kaparingan kamardikan rohani, ngisi kamardikan kanthi lampah gesang pirukun ing salebeting brayat, tresna sesami, langkung malih gesang masamuwan. Sumangga sami nyawisaken gesang anggen kita badhe methuk rawuhipun Gusti Yesus, Proklamator Kamardikan Kawilujengan.

Gusti nunggil paring berkah. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).

 

 

 

Pos terkait