Aja Ngegung-ngegungake Dhiri!

Waosan: 1 Korinta 1:18-31.

“Aja ngegung-ngegungake dhiri, nanging ngegungna mungguh ing Pangeran.” (1 Korinta 1:31).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Sawijining dinten wonten lomba saking kelompok disabilitas kanthi semboyan “Kami Bisa”. Punika judhulipun semboyan kelompok sewau.

Kita tingali wonten ing media-massa utawi TV, tiyang disabilitas mboten kagungan tangan kekalihipun, nanging kok saged nulis ngagem sukunipun wonten HP. Punika lantaran berkahipun Gusti kang paring kabisan ugi kapinteran. Gusti tansah nresnani dhateng sedaya umatipun. Sedanten dipun paringi kabisan lan kapinteran piyambak-piyambak. Ewadene kawontenan tiyang ingkang mboten nandhang disabilitas ugi saged nggadhahi kabisasan lan kapinteran kados punika.

Kadang kinasih ing Gusti Yesus, kanthi waosan sewau kita dipun emutaken mboten kepareng ngegungaken dhiri bab kawasisan lan kapinteran, ananging supados cundhuk dhateng ingkang kaserat ing waosan mekaten: “sing sapa ngegung-ngegungake iku, ngengungna mungguh ing Pangeran.” (1 Korinta 1:31).

Pandonga:

Gusti Allah ingkang kuwaos ing samukawisipun, kawula ngaturaken panuwun sokur. Gusti Paduka tansah paring pemut dhateng gesang kawula sedaya tumrap lampang gesang padintenan kawula. Kawula ngrumaosi tiyang dosa ingkang winates samudayanipun. Gusti, kawula tansah nyuwun panuntun lan pangrimat ing pagesangan kawula. Kathah dosa lepat, kawula nyueun pangaksama. Wonten ing asma Gusti Yesus kawula nyenyuwun. Amin. (Sumarjiyanto – Ngringin).

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *