Atiku Pedalemane Gusti Allah

Waosan: Yokanan 14:21-26.

Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku” (Yok 14:23).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Ana sawijining ibu kang urip dhewekan. Ora kagungan garwa lan putra. Ibu mau sregep lan ajeg tansah ngrapekake omahe kang mung cilik ing saben wengi sakdurunge turu. Dheweke nindakake kaya mangkono, marga dheweke ora kepingin Gusti mriksani lan ngecap ibu mau minangka wanita sing jorok samangsa Gusti rawuh sakdurunge esuk.

Akeh wanita, ya sing mudha, ya ibu-ibu rumah tangga sing padha nyoba nandhingi lan ngembari keprigelan lan kerapiane ibu mau. Nanging ana sing lulus tese.

Sedulur-sedulur kinasih! Njaga resik lan rapine omah kagem Gusti pancen apik lan perlu ditiru. Nanging kita perlu ngerti yen sejatine omah satata wadhah (jasmani) sing pancen uga perlu resik iku, jebule tiba nomer loro tumrap paningale Gusti.

Panjenengange luwih migatosake kahanan “omah rohani”, iya papan cumondhoke Gusti, yaiku atine awake dhewe iki, pinangka padalemane Gusti, sing kudu tansah resik.

Ing Yokanan 14:21, kita oleh pituduh loro cacahe, yaiku: 1) tresnanana Gusti Allahmu, 2) lakonana kabeh dhawuhe. Dadine, ora taat marang Gusti Allah, ati kita dadi jorok lan reged. Suwalike, taat lan setya sarta temen nindakake dhawuhe Gusti ndayani ati kita dadi padaleman sing nyaman lan ngresepake, temahan kita tansah siyaga nampa rawuhe Gusti ing sauruting dina lan mangsa.

Muga Gusti mberkahi.

Pandonga:

Kawula nyuwun sing pitulungan Paduka Gusti, kangge saged ngresiki manah kawula. Mugi kabucala sedaya bledug lan sawanging watak umuk, panyakra awon, pitenah, apus krama, miwah jail-methakil. Amin. (Juharmanto – Ngringin).

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *