Waosan: Wulang Bebasan 6:8-14, Wahyu 3:14-22.
Kang iku sarehne sira iku manget-manget, ora adhem ora panas, mulane Ingsun bakal nglepeh sira saka ing tutuk Ingsun. (Wahyu 3:16).
Renungan:
Para kadang ing patunggilanipun Gusti Yesus Kristus, wanci dalu badhe dipun wonteni parepatan. Kula ngampiri Pak Giyat kanca supados sareng malampahipun. Pak Giyat ngendika: “Isih sore, leren sik, ngopi.” Dhasar kula kesusu, wonten griya dereng ngopi, wontenipun mathuk. Dhasare gulane batu, mantap, pyar, awak waras, pulih semangate.
Para kadang kinasih, menapa saratipun supados wedang kopi bekta teges, semangat? Betahaken toya ingkang panas. Dospundi menawi toyanipun manget-manget, boten adhem boten panas? Kopinipun ngampul, boten larut, boten legi, boten pait. Mila ngunjuk sripit, terus dilepeh ajrih kembung.
Punika dados gambaran mekaten:
1) Wekdal celak: Pradataning pasamuwan, komisi, Panitia Natal sami nyawisaken gula lan kopi wujud:
- Rancangan pembangunan
- Rancangan pengetan Natal
- Rancangan ngadhepi musim tanam.
Minangka warganing pasmuwan dados toya panas (penuh semangat) nanggapi amrih rancnagan saged terwujud greja ingkang gesang.
2) Wekdal ngajeng/harapan: Sing sapa unggul iku bakal Sun wenangake lungguh kalawan Ingsun ana ing dhamparipun. (Wahyu 3:21).
Panas menyengat ing wanci siang, warga semangat greja gesang. Gusti paring berkah. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).