Gusti Yesus Kamulyakaken ing Gunung

Waosan : Lukas 9:28-36.

Kacarita, nalika Panjenegane ndedonga iku, pasuryane banjur santun, pengagemane dadi putih mencorong. (Lukas 9:29).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Sugeng enjang. Shalom, berkah Dalem Gusti tansah nyarengi ing sak uruting gesang kita.

Ibu Bapak ingkang dipun tresnani Gusti, pinangka pandherekipun Gusti Yesus, sampun sakmesthinipin kita tansah memuji luhuring asma Dalem Gusti ing sadhengah kawontenan. Sae ing sak lebeting brayat, ing padamelan, ing peladosan, ing pasrawungan, saha wonten ing pundi kita dumunung.

Langkung-langkung nalika kita ing saklebeting bingah saha sisah, kita mesthinipun tan kendhat memuji luhuring asma dalem Gusti Allah. Punika kuwajiban kita pinangka pandherekipun Gusti Yesus, ingkang sampun tinebus kanthi rahipun ingkang suci, ingkang kawutahaken ing kajeng salib, kapenthang ndhaplang ing redi Golgota.

Wonten ing waosan punika, mratelakaken bilih Gusti Yesus engkang nganthi para muridipun; Petrus, Yohanes, miwah Yakobus, minggah ing saknginggiling gunung saperlu ndedonga. Nalika Gusti Yesus ndedonga, lajeng wonten ewah-ewahan, pasuryanipun lajeng santun, agemanipun dados pethak mencorong sumunar. Ewah-ewahan ingkang dipun alami Gusti Yesus punika nedahaken bilih Gusti Yesus sanyata Gusti Allah ingkang mengku panguwaos, saha mengku sagung kamulyan. Prastawa punika ugi nedahaken bilih Gusti Yesus sampun kasamektaken kangge ngadhepi sangsara lan sedanipun ing kajeng salib.

Pratelan ing ayat 35 nelakaken mekaten : “Iki PutraningSun kang Sun pilih, padha estokna dhawuhe”. Mila sampun sakmesthinipun kita pinangka umat ingkang pitados, mitadosi bilih:

  1. Kita kedah pitados bilih Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang mengku panguwaos saha kamulyan langgeng.
  2. Kita kedah siaga kangge ngadhepi tantangan wonten ing gesang kita, awit Gusti Yesus sampun paring tuladha dhateng kita.
  3. Kita kedah tansah ngestokaken dhawuhipun murih tansah caket kaliyan Gusti Allah wonten ing sak uruting gesang, kanthi tan sepen ing pandonga.

Amin. Gusti mberkahi.

Pandonga:

Rama, matur muwun Paduka sampun nebus dosa kawula kanthi rah Paduka ingkang suci, nanging karana kawula asring kirang pitados kaliyan luhuring panguwaos Paduka, mila sedaya lepat kawula nyuwun pangaksama. Kasagedna kawula tansah pasrah sumendhe ing panguwaos Paduka, saha kasagedna kawula nindakaken dhawuh Paduka, satemah kawula saged mangertosi ingkang dados kersa Paduka. Linandhesan asma Gusti Yesus Kristus kawulo ndedonga. Amin. (Y Suyanto – Grogol).

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *