Waosan: Markus 13:24-37.
Apa kang wis Dakpangandikakake marang kowe, iku Dakwarahake marang sakabehing wong: Padha meleka!” – Markus 13:37.
Renungan:
Pasamuwan ingkang kinasih, dinten punika kita lumebet ing Mangsa Adven Natal warsa 2026 lan kita miwiti Minggu Adven ingkang kapisan. Taksih kemutan punapa tegesipun Adven? Saking tembung Adventus (Latin) ingkang tegesipun kedatangan, inggih punika kedatangan Sang Kristus. Kita sayektosipun kadosdene wonten ing “tengah-tengah”, antawis rawuhipun Gusti Yesus ingkang sepisanan kala rumiyin lan pangrantos rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih benjang manut karsanipun Gustu piyambak. Lajeng punapa ingkang kedah kita tindakaken nalika kita wonten ing “tengah-tengah” kalawau?
Miturut tema pangibadah Minggu Adven kapisan punika, kita kedah jumaga! Kadospundi liripun? Sumangga kita migatosaken pangandikanipun Gusti kalawau. Menawi kita raos-raosaken, sabdanipun Gusti kalawau ketinggal nggegirisi sanget. Ananging sadaya punika yektosipun gegambaran umum ngengingi pameca bab dinten wekasan, ingkang sampun sinerat ing Prajanjian Lami saha sampun dipun mangertosi dening para tiyang Yahudi rikala semanten. Punapa tegesipun? Sakderengipun Gusti Yesus ngendikakaken gegambaran ingkang nggegirisi punika, sampun wiwit rumiyin tiyang-tiyang Yahudi mangertos lan asring mireng bab gegambaran punika. Pramila ing ngriki Gusti Yesus boten saweg ngandharaken bab “kapan” utawi “kadospundi leresipun tandhanipun”. Kanthi ngginakaken basa utawi cara ingkang saged langsung dipun mangertosi dening para pamirengipun rikala semanten, Gusti Yesus badhe nandhesaken bilih rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih punika pancen badhe kalampahan. Awit saking punika saben tiyang kedah “jumaga.”
Pasamuwan ingkang kinasih, ing ngriki kita kedah ngatos-atos murih jumaga ingkang kita tindakaken boten dhumawah ing tumindak pamrih. “Nggih kula badhe manut Gusti, sebab ajrih neraka lan kepingin swarga.” Ukara kados mekaten temtu kemawon nedahaken raos pamrih anggen kita jumaga lan ndherek Gusti. Lajeng kedah kadospundi? Sumangga kita emut-emut lan raos-raosaken bab punika. Gusti Allah piyambak amargi katresnanipun karsa rawuh ing jagad ngagem sarira manungsa nilar kamulyanipun. Nedahaken margi gesang ingkang ndadosaken sadaya manungsa saged ngraosaken tentrem rahayu. Badhea wonten ingkang nampik, Gusti tetep setya nedahaken margi gesang punika ngantos ngurbanaken dhirinipun murih sami sadhar lan estu-estu ndherek nindakaken margi gesang ingkang katedahaken dening Gusti. Sepisan malih, amargi Gusti Allah tresna.
Adedhasar sadaya punika, kita kedah jumaga kanthi bungah. Amargi rawuhipun Gusti kaping kalih benjang punika tegesipun badhe nyampurnakaken katresnanipun ingkang sampun kapratelakeken ing rawuhipun ingkang sepisanan. Sisih sanes, kita kedah jumaga linandhesan raos trensa dhumateng Gusti kadosdene Gusti sampun langkung rumiyin nresnani kita. Cobi bayangaken kita nyrantos rawuhipun sadherek ingkang wonten ing purug lan dangu boten kepanggih, mesti kalimput ing raos kanget sanget malah kepara kepingin enggal-enggal kepanggih. Kedahipun kados mekaten panyrantos kita dhumateng Gusti Yesus. Mila lilin adven sepisanan punika ngemu teges pangajeng-ajeng, bilih kita punika saestu nyrantos rawuhipun Gusti ingkang jangkepi pakaryan kawilujenganipun.
Pasamuwan ingkang kinasih, punapa wujudipun kita jumaga? Nindakaken sadaya patuladhan gesang ingkang katedahaken lan sampun katindakaken langkung rumiyin dening Gusti Yesus. Jujur, sabar, welas asih, loma, andhap asor, ngajeni sadaya tiyang, tulus ngapunteni, tumindak adil, lsp. Miturut kaliyan karsanipun Gusti, Panjenenganipun panci badhe rawuh malih, mila sumangga kita jumaga kanthi bungah, kebak ing katresnan, lan pangajeng-ajeng. Amin.
Pandonga:
Kawula sumadya badhe tansah jumaga Gusti. Nindakaken dhawuh Paduka punika kanthi bungah, kebak pangajeng-ajeng, saha linandhesan katresnan dhumateng Paduka. Kawula sumadya ngecagaken lumantar tata gesang kawula ingkang nuwuhaken tentrem rahayu dhateng sakiwa tengen kawula kagem kaluhuran asma Paduka. Wonten ing Sang Kristus Yesus, amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).






