Waosan: Efesus 2:1-10.
“Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,” (Efesus 2:8).
Renungan
Ing saben wekdal gesang kita tansah kagoda dening roh jahat. Inggih roh ingkang badhe nguwaosi gesanging manungsa. Kita asring mboten kraos bilih puniko roh ingkang njlomprongaken mamungsa dhumawah ing dosa. Mila tumraping tiyang ingkang nengenaken kadonyan utawi hawa nafsu kadagingan pantes nampi paukuman utawi bebendu.
Para kadang kinasih ing patunggilanipun Gusti Yesus Kristus, amargi kita tansah ngrumaosi bilih kita puniko ringkih lan winates, sumangga sami ngakeni dosa-dosa kita wonten ngarsanipun Gusti, ugi ngaturaken panuwun, Gusti tansah ngluberaken sih rahmatipun dhateng gesang kita sedaya, temah kita kapitulungan rahayu.
Saksampunipun ngrumaosi karingkihan lan kawinatesan kita, sumangga sami nindakaken pagesangan kita kanthi nyuwun tansah tinuntun dening Roh Suci saking Gusti.
Pandonga
Dhuh Gusti, awit ringkihing kapitadosan kawulo, kawulo asring kawon kaliyan panggoda, njalari gesang kula asring kesupen dhateng sih pitulungan Paduka. Nyuwun kasagedan anggen kawulo ngraosaken berkah peparing Paduka. Matur nuwun Gusti Yesus. Amin. (Sumarjiyanto – Ngringin).