Waosan: Lukas 13:31-35.
Ing nalika iku ana wong Farisi sawatara kang padha sowan lan matur marang Gusti Yesus: “Panjenengan kula aturi sumingkir saking mriki, awit sang prabu Herodhes badhe ngangkah nyedani Panjenegan”. (Lukas 13:31).
Renungan:
Ibu/Bapak warganing pasamuan ingkang dipun tresnani Gusti, ngaturaken sugeng enjang. Sih wilasa dalem Gusti Allah mugi tansah kababar, kajiwa kasarira ing panjenengan sedaya miwah kula.
Waosan enjang punika nyariyosaken, wonten sawatawis tiyang Farisi ingkang matur ngemutaken Gusti Yesus supados nilaraken Yerusalem awit sang prabu Herodes ngrantam badhe nyedani Gusti Yesus. Nanging Gusti Yesus mboten kersa, awit badhe nglajengaken peladosanipun wonten ing kitha Yerusalem. Estunipun Gusti Yesus pirsa bilih kathah para nabi ingkang dipun sedani ing Yerusalem , namung kadaya saking tresnanipun dhateng tiyang kathah, Gusti Yesus mboten ajrih, mila Gusti Yesus tetep nglajengaken tindakipun nedya mlebet ing kitha Yerusalem.
Gusti Yesus pirsa bilih rawuhipun ing Yerusalem badhe dipun tampik saha dipun siya-siya, dipun wewada saha dipun kaniaya, namung Gusti Yesus tetep mboten perduli, mboten giris mboten kuwatir mboten geter awit Gusti Yesus kepingin milujengajen Yerusalem ingkang sampun kawentar nyingkur kaliyan panguaosipun Gusti Allah. Gusti Yesus kepingin Yerusakem gesang ing sak lebeting bedhamen miwah karukunan. Gesang tentrem, rukun, guyub, tebih saking tukar padu miwah pasulayan.
Ibu/Bapak ingkang dipun tresnani Gusti Yesus Kristus, nyinau saking perangan pangandikanpun Gusti ingkang sinerat ing Injil Lukas 13:31, kita sampun ngantos nggadhahi raos ajrih ngadhepi marupi-rupi kawontenan, senadyan kita dipun kaniaya, dipun wewada, dipun siya-siya, awit Gusti Yesus mboten negakaken kita, Gusti Yesus nresnani kita, Gusti Yesus tansah nganthi gesang kita, Gusti Yesus ngayomi kita (2 Tim 1:7)
Senadyan kawontenan kita namung alit, nanging kita kedah saged dados tuladha ingkang sae, saged mujudaken gesang dhame, atut rukun, ingkang hanjalari tentrem rahayu wonten ing tengahing gesang bebrayan (Mat 5:16). Sampun ngantos raos ajrih mepalangi peladosan kita. Kita tetep setya nindakaken timbalanipun Gusti.
Minangka pendherekipun Gusti Yesus Kristus, sumangga kita pitados bilih Gusti badhe tansah nganthi saha ngayomi kita. Gusti mberkahi kita. Amin.
Pandonga:
Gusti, matur nuwun Paduka tansah nganthi gesang kawula. Paduka tansah nyarengi lampah jantraning gesang kawula, mila kawula mboten ajrih ngadhepi sadhengah kawontenan, ingkang kanthi punika kasagedna kawula dados tepa palupining gesang ingkang guyup rukun, kebak bedhamen, saha dados margining berkah tumrap sesami. Wonten ing Gusti Yesus kawula ndedonga. Amin. (YSY – Grogol).