Ngenggalaken Iman Kapitadosan Saben Wekdal

Waosan: Yokanan 3:1-17.

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.” (Yokanan 3:5).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Para sadherek ingkang kinasih, menawi kalawingi sampun nedha, punapa dinten punika boten perlu nedha malih? Temtu tetep perlu nedha malih. Boten wonten mestinipun tiyang ingkang munjuk, “Gandheng kalawingi sampun nedha, mila sapunika boten perlu nedha malih, kantun ngemut-emut raosipun ingkang kalawingi.” Gesang ingkang prayogi betahaken lestantuning tedhaning raga, awit panci kados mekaten kabetahanipun. Gegambaran prasaja punika sayektosipun saged biyantu kita mangertosi wawan rembag antawisipun Gusti Yesus kaliyan Nikodemus kalawau.

Nikodemus punika tiyang Farisi, langkung-langkung pangarsaning agami. Mila mesthi mrantasi ing bab angger-anggering Toret, tegen nglampahi angger-anggering Toret, lan kalebet “kalangan religius yang dihormati” dening tiyang-tiyang nalika semanten. Injil Yokanan nyerat bilih sowanipun dhateng Gusti Yesus punika ing wanci dalu. Saged kemawon amargi ngatos-atos pinanggih tiyang ingkang nuwuhaken padudon nalika semanten, inggih punika Gusti Yesus. Piyambakipun sowan kanthi kebak raos urmat dhateng Gusti Yesus lan ngakeni bilih Gusti Yesus saestu saking Allah piyambak amargi sadaya mujizat ingkang katindakaken. Gusti Yesus paring wangsulan bilih saben tiyang perlu “kalairaken malih”. Tembung Yunani ingkang kaginakaken anothen, ingkang ngemu teges “kembali” lan ugi saged “dari atas”.

Nikodemus mangertosi bab punika satata harafiah, ateges kalairaken malih satata fisik, mila nyuwun pirsa kados pundi tiyang saged lumebet malih dhateng guwa garbaning biyungipun. Ananging ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus sayektosipun langkung lebet, inggih punika “lahir dari atas”, saking Allah piyambak, lumantar Roh. Tegesipun, Gusti Yesus boten saweg ngrembag bab “pejah lan gesang malih”, ananging babagan kaenggalaken dening Allah piyambak. Nilar tata gesang lami, lan lumebet ing tata gesang enggal kados ingkang dipun kersakaken dening Allah. Nikodemus minangka pangarsaning agami lan tiyang Farisi, saged kemawon rumaos sampun saestu mursid lan rumaket kaliyan Allah, kepara rumaos “mesthi wilujeng”. Ananging Gusti Yesus nandhesaken bilih rumaketing sesambetan kaliyan Allah punika sanes gumantung kaliyan status, jabatan, lan tradisi, ananging lumantar pakaryaning Roh ingkang ngenggalaken manungsa. Kanthi mekaten kawilujengan sanes kasiling pambudidayaning manungsa ananging minangka sih rahmatipun Allah ingkang “nglairaken manungsa malih dhateng gesang ingkang enggal.”

Para sadherek ingkang kinasih, ing ngriki kita nampi pawartos kabingahan ananging ugi timbalan ingkang saestu wigati. Pawartos kabingahanipun inggih punika bilih gesang kita punika minangka sih rahmat, ateges peparing adedhasar pakaryanipun Allah karana nresnani jagad kalebet kita sadaya. Katandhesaken wonten ing ayat 16 lan 17 kalawau. Dene timbalan ingkang wigati ingkang kedah kita tindakaken inggih punika, bilih “gesang enggal” punika kedah kalampah saben dinten kepara saben wekdal. Ateges, boten cekap menawi namung “dadi wong Kristen”, ananging kedah “wong Kristen sing dadi”. Dadi kados pundi? Ngestokaken dhawuhipun Gusti saben wekdal. Kados mekaten ingkang sinebat tansah sumadya kaenggalaken dening Rohipun Allah.

Kadosdene gegambaran nedha kalawau, menawi kalawingi sampun, dinten punika lan salajengipun ugi tetep kedah nedha to? Mekaten ugi gesanging iman kapitadosan, perlu tansah rinimatan lan kaenggalaken. Lajeng punapa kemawon ingkang kedah kita tindakaken minangka wujud ngenggalaken kapitadosan? Sadaya ingkang dados dhawuhipun Gusti! Katindakna kanthi gumolonging manah. Langkung nresnani, ngapunteni, peduli, tetulung, sabar sareh, wicaksana-wening anggen menggalih, andhap asor, jujur, konsisten, peparing, lan taksih kathah sanesipun.

Kanthi mekaten, ingkang utami saking ndherek Gusti Yesus punika sanes bab status “wong Kristen”, ananging ndherek Gusti Yesus punika bab nglampahi gesang minangka pratandha sokur, bekti, lan tresna kita dhumateng Panjenenganipun. Amin.

Pandonga:

Allah kawula ingkang Mahaasih, manah kawula linuberan raos sokur lan bingah awit saking sih rahmat Paduka ingkang milujengaken kawula. Kawula sumadya tansah ngenggalaken gesanging iman kapitadosan kawula minangka pratandha sokur, bekti, lan tresna kawula dhumateng Paduka ingkang sampun langkung rumiyin nresnani kawula. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).

 

 

Pos terkait