Nyuwun Sih Kawelasan Gusti

Waosan: Rum 3:9-20

Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, Wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh, iya kaya kang wus katulisan, wiraose: “Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana..” (Rum 3:9-10).

Bacaan Lainnya

Renungan:

“Tak ada gading yang tak retak.” Mekaten paribasan ingkang asring kita pireng. Pancen mboten wonten gadhing ingkang mulus tanpa garis-garis katon pecah utawi sengkat.

Mekaten ugi bab gesanging manungsa, kadosipun mboten wonten ingkang mulus sae tanpa cacat, senadyan manungsa sampun pikantuk seserepan nglampahi gesang ingkang jumbuh kaliyan paugeraning Gusti Allah.

Nalika jaman simbah-simbah rumiyin kathah seserepan kagem sangu nglampahi gesang. Wonten ingkang dipun paringi seserepan aji jaya kawijayan, ing pangangkah mbenjang tembe wingkingipun saged kagem sangu tumapak gesang ing salebeting bebrayan agung kanthi sae lan lan leres. Yektosipun seserepan punika sae, ewa semanten kathah ing nyalah-ginakaken kagem tumindak mboten sae lan mboten leres. Malah kagem nalisir saking paugeraning Gusti, temahan mitunani ing asanes.

Waosan Kitab Suci dinten punika ngemutaken, bilih manungsa kawengku ing dosa. Manungka gadhah sipat ringkih, inggih punika gampil kagoda pikajenipun piyambak, temahan nglampahi patrap ingkang tebih kaliyan kersaning Gusti.

Sumangga kita tansah ngeneraken manah dhumateng Gusti. Pancen kita sedanten kawengku ing dosa, ananging Gusti Allah karsa paring pitulungan kagem sinten kemawon ingkang ngakeni dosa  lan masrahaken gesangipun sumuyud wonten ing pangreh Panjenenganipun Gusti.

Pandonga:

Gusti Yesus, gesang kula sestu ringkih. Kawula taksih kawengku ing dosa. Nyuwun sih kawelasan Paduka, kula masrahaken gesang supados nyondhongi karsa Paduka. Amin. (YSY, Grogol).

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *