Waosan: Mateus 10:24-39.
Manuk glathik loro apa ora mung payu saasarion? Ewadene siji bae ora ana kang tiba ing lemah, yen ora saka karsane Ramamu. (Mateus 10:29).
Renungan:
Pasamuwan ingkang kinasih, punapa panjenengan nate ngraosaken giris? Giris inggih punika raos ajrih, sumelang, lan mangu-mangu. Punapa ingkang asring ndadosaken kita rumaos giris? Kita giris nalika kita ngalami satunggaling prakawis ingkang miturut kita boten sae, kadosdene sesakit ingkang awrat lan boten saged dipun jampeni, nalika nyawa kita kaancam awit wonten tiyang ingkang sengaja ngrancang piala tumrap kita, lan sanesipun. Kita dados giris awit kita boten mangertos punapa ingkang badhe kedadosan. Pamanggih kita ingkang kirang prayogi bab punapa ingkang dipun adhepi punika saged dadosaken kita rumaos ajrih/giris lan nglokro.
Sejatosipun, ngraosaken giris punika limrah sanget, awit punika kalebet salah satunggaling emosi dhasaripun manungsa. Pramila ing waosan kita kalawau Gusti Yesus ngiyataken para sakabat. Gusti Allah mesthi nunggil lan ngiyataken, keyakinan ingkang kados mekaten dipun tanemaken dening Gusti Yesus ing manahipun para sakabat nalika Gusti ngutus para sakabat martosaken Injil. Para sakabat kabereg supados mempeng angenipun nindakaken pakaryanipun sinaosa ngadhepi pepalang. Para sakabat kasuwun nindakaken pakaryanipun kanthi gumolonging manah lan pitados dhumateng pangrimatipun Gusti. Boten prelu giris awit para sakabat, ugi kita sadaya, kados dene manuk emprit ingkang boten badhe dhawah ing lemah manawi Gusti Allah boten ngersakaken. Mekaten ugi kita tansah dipun reksa lan dipun gatosaken dening Gusti.
Lajeng, punapa ingkang kedah kita tindakaken supados kita saged mulihaken lan ngiyataken kapitadosan nalika kita rumaos giris?
Sapisan, pitados bilih Gusti tansah setya dhateng prasetyanipun. Panjenenganipun tansah nganthi kita ing sadaya kawontenan. Awrating gesang asring dipun agem dening Gusti supados kita sangsaya dhiwasa. Kapitadosan punika ndadosaken manah kita tentrem anggenipun nglampahi sadaya prekawis. Kadosdene lare Taman Kanak-Kanak ing dinten sepisanan sekolah. Piyambakipun rumaos ayem awit ngertos bilih bapak utawi ibukipun nenggani.
Kaping kalih, njagi penggalih lan pikiran. Punapa sajatosipun ingkang dados karsanipun Gusti dene kita nglampahi prakawis punika. Rancanganipun Gusti temtunipun langkung sae katimbang rancanganing kita manungsa. Kita kedah waspada supados pikiran kita boten kenging racun arupi asumsi negatif utawi pamanggih-pamanggih awon ingkang asalipun saking dhiri kita piyambak ingkang asring beda kaliyan kasunyatanipun.
Kaping tiga, mempeng anggenipun ngupadi punapa ingkang dados pangajeng-ajeng. Kadosdene para sakabat kasuwun aktif angenipun martosaken Injil Gusti, sinaosa para sakabat dipun sengiti dening tiyang kathah. Sinaosa dipun hambat utawi dipun alang-alangi, pawartos Injil sangsaya sumebar. Pramila, ampun gampil nglokro nalika ngadhepi pepalang utawi nandang kasisahan. Sumangga sami mempeng ing pangajeng-ajeng, awit Gusti Allah sampun prajanji bilih panjenenganipun tansah nganthi kita.
Pasamuwan ingkang kinasih, raos giris punika pancen bab ingkang limrah. Ananging boten ateges lajeng dipun kendelaken kemawon. Dinten punika, kita katimbalan tansah mempeng anggenipun ngugemi kapitadosan dhumateng Gusti, supados boten kawengku dening raos giris, ajrih, lan mangu-mangu. Wonten ing Wulan Kesaksian dan Pelayanan punika, sumangga kita langkung optimis anggenipun nggatosaken lan nyengkuyung bebadan-bebadan Kristen minangka sarana ngrimati gesang. Kanthi mekaten, kita, sae punika secara pribadi punapa dene ing patunggilaning Sinode GKJ saged tansah nggadahi kakendelan lan pangajeng-ajeng ing gesang. Amin.
Pandonga:
Kawula ngaturaken panuwun sokur awit sih kadarman Paduka Gusti. Kawula sumadya pitados kanthi boten giris, awit sayektosipun Paduka tansah nunggil lan ngiyataken kawula. Pinujia asma Paduka langgeng ing salaminipun. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).






