Waosan: Ibrani 12:1-17.
Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene. (Ibrani 12:10).
Renungan:
Para kadang tani temtu ngraosaken bilih siti punika minangka kabetahan pokok kangge budidaya gesang, awit wonten pangajeng-ajeng panenan ingkang nyekapi, bekta katentreman. Mila anggenipun ngolah siti kanthi temen miturut kawontenanipun siti.
Menawi siti berpasir langkung gampil garapanipun, boten betahaken tenaga awrat. Nanging menawi siti lempung campur kerikil kedah dipun pacul lebet utawi dipun luku, ngentosi cengkar dipun garu supados rata, gembur ngantos siap dipun tanemi winih.
Para kadang kinasih ing Gusti Yesus, kedadosan ingkang mekaten nyethakaken tuwuhipun panalangsa, kasusahan ing salebeting gesangipun para putranipun Gusti Allah. Kamangka Gusti anggenipun nggarap gesang kita tansah kagungan karsa gesangipun manungsa supados manggihaken kabegjan, katentreman. Ibrani 12:10b nyerat: “Nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene”.
Patrap saking Gusti badhe ndhatengaken kasaenan lan sekeca menawi anggen kita nampi leres. Raos kita badhe nemtokaken menapa patrap saking Gusti mbekta gesang rekaos menapa sekeca, gumantung kita ingkang nampi ngraosaken, saged kedadosan:
- Kita namung saged pasrah tanpa sulaya.
- Nampi tanpa suwala nadyan boten wonten karemenan.
- Nampi peparing saking Gusti kanthi suka bingah.
Gusti tansah ngopeni, ngontrol sedaya tumindak kita. Kadhang Gusti nolak, kadang semaya, nanging pepesthene iku elok lan gedhe kawicaksanane (Yesaya 28:29). Gesang tansah campur antawis kabingahan lan kasisahan, kasangsaran lan kemakmuran. Gusti ngersakaken satunggal tujuan: supados gesang kita dados siti kagungangipun Gusti.
Sumangga kita nyawisaken gesang ing salebeting manah supados Gusti karsa tansah dedalem ing gesang kita:
Gustimu kepareng mundhut Papan aneng atimu Resikana dimen patut Gusti karsa lumebu Rungokna Pangandikane Aja padha semaya Nyawisna papan mring Gusti Aneng sajroning ati.
Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).



