Teteg Ing Manah Satuhu Dhawuh Gusti

Waosan: Yokanan 16:25-33.

“Anggonku mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.” (Yok 16:33).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Ibu Bapak warganing pasamuan ingkang dipun tresnani GUSTI YESUS KRISTUS, wonten ing saklebeting gesang kita mesthi nate mireng pitakenan saking piyantun sepuh dhateng putra wayahipun mekaten: “Le, Ndhuk, kowe sesuk nek wis lulus sekolah kepingin dadi apa?”, utawi “Suk nek gedhe kowe kepingin dadi apa?” utawi “Cita-cita mu apa?”

Mila wonten piyantun sepuh ingkang nedya paring bebingah sak wanci-wanci putra wayahipun lulus sekolah. Upaminipun; “Ndhuk/Le, sesuk nek kowe lulus sekolah kanthi biji sing monjo, kowe tak pundhutke sepedha motor anyar.” Pangandika punika asring kepireng pinangka penggerak utawi penyemangat kagem putra wayah ingkang taksih lenggah ing bangku pasinaon. Ing pangangkah para putra wayah gumregah sregep anggenipun sinau, supados saged dipun pundhutaken sepadha motor, saha mujudaken gegayuhanipun.

Mila menawi dipun dangu: “Cita-citamu apa?”, jawabanipun mesthi kepingin dados ingkang sae, pinunjul saha ingkang utami. Kenging dipun pesthekaken mboten wonten jawaban ingkang cengkah kaliyan cita-citanipun piyantun sepuh.

Gegambaran ing ngajeng jumbuh kaliyan pangandikanipun Gusti ingkang sinerat wonten ing Injil Yokanan 16:33. Anggenipun Gusti memucal dhumateng kita punika supados kita pikantuk tentrem rahayu wonten ing Gusti Yesus Kristus.

Lah supados kita pikantuk tentrem rahayu, saratipun kita injih kedah purun sinau saha sumadiya sagah nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, saha nyingkur nyingkiri awisan-awisanipun. Tansah ngudi kiyating iman kapitadosan. Kadosdene putra wayah kita, menawi kepingin nggayuh cita-cita ingkang luhur, njih kedah sregep anggenipun sekolah saha sregep sinau, ngudi murih kasembadaning gegayuhanipun.

Gusti paring pangandika: “Senadyan wonten ing donya kita nandhang panganiaya, nanging Gusti paring dhawuh, kita supados teteg ing manah, awit Gusti sampun ngawonaken donya”. Ingkang kanthi punika sampun ngantos kita kuwatos, bilih anggen kita nindakaken dhawuhipun Gusti punika muspra tanpa gina. Gusti mboten badhe negakaken dhumateng kita para kagunganipun.

Sugeng enjang, GUSTI mberkahi!

Pandonga:

GUSTI, gunging panuwun sukur kunjuk ing ngarsa Paduka. Paduka mboten negakaken gesang kawula, Paduka tansah paring tentrem rahayu dhateng kawula, nadyan kawula nandhang panganiaya wonten ing donya, awit Paduka sampun ngawonaken donya. Amin. (YSY – Grogol).

 

Pos terkait