Dedalem Menapa Tamu?

Waosan: Yokanan 15:1-10.

“Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe…” (Yok 15:4a).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Ing satunggaling dinten Sinuwun Sri Sultan rawuh mertamu ing griyanipun mbok randha miskin ingkang mitadosi Gusti Yesus. Tangga tepalih ingkang mboten remen kaliyan kapitadosanipun randha punika badhe ngarah lepatipun ing ngarsanipun Sri Sultan kanthi pitakenan: “Sapa Mbakyu tamumu sing terhormat neng omahmu?”

Piyambakipun nginten mbok randha badhe wangsulan: “Gusti Yesus.” Kanthi wangsulan kados mekaten badhe dados dhadhakan dipun lepataken ing ngarsa dalem Sri Sultan. Nanging, wangsulanipun  mbok randha wau mekaten: “Ingkang Sinuwun Sri Sultan.”

Mbok randha wau taksih dipun uyak pitakenan mekaten: “Gek piye Yesus sing terus kok pepuji, rak tamu sing terhormat?” Lajeng mbok randha mangsuli mekaten: “Gusti Yesus sanes tamu, nanging dedalem ing mriki.” Tangga tepalih sewau sami blangkemen.

Para kadang kinasih, cariyos punika nuwuhaken pitakenan enggal dhateng kita. Menapa leres Gusti Yesus dedalem wonten gesang kita? Menapa namung dados tamu ing gesang kita?

Sakjujuripun, asring Gusti Yesus kita anggep dados tamu. Kita ngaturi rawuh menawi namung merlokaken. Dados, Gusti Yesus mlebet-medal-mlebet-medal saking gesang kita. Kepara mboten ngaturi supados dedalem ing gesang kita.

Kula kemutan welingipun simbah mekaten: “Aja pisan-pisan Gusti Yesus mung dadi tamu. Gusti Yesus dadi tuan rumah uripe awake dhewe. Awake dhewe dikuwasani, diprentah Panjenengane. Ayo padha pasrah Gusti Yesus kang kagungan rancangan endah, ati bungah, marga kaparingan berkah.”

Pandonga:

Dhuh Gusti, awit ringkihing kapitadosan kawula, gesang kawula asring kawon kaliyan panggodha, njalari gesang kawula asring kesupen sih pitulungan Paduka. Nyuwun kasagedan, kakiyatan anggen kawula ngraosaken berkah peparing Paduka, temahan kawula saged atur panuwun, awit Gusti Yesus kepareng dedalem ing gesang kawula. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *