Waosan: Yesaya 55:1-13.
Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku dudu dalaningSun. (Yesaya 55:8).
Renungan:
Patunggilan ingkan dipun kasihi Gusti Yesus, kepareng caos pitakenan mekaten:
- Wonten pundi Gusti Allah rikala tsunami ing Aceh?
- Wonten pundi Gusti Allah rikala lindhu ageng ing Ngayogyakarta?
- Wonten pundi Gusti Allah rikala lindhu ageng ing NTT?
- Wonten pundi Gusti Allah rikala kebakaran hutan ing Kalimantan?
- Wonten pundi Gusti Allah rikala gunung-gunung sami ngedalaken lahar panas?
Boten gampil badhe mangertosi menika.
Yesaya 55:8 paring wangsulan: “Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira dudu dalaningSun”. Pangraos kita benten sanget kaliyan Gusti. Kita ningali ingkang awon, Gusti mirsani ingkang sae, saha Gusti mirsa ingkang paling sae kangge kita.
Wit-witan ingkang sami tuwuh badhe langkung kiat menawi tahan bencana angin. Gaman ingkang landhep ndayani prabotan migunani. Mekaten ugi wontenipun bencana ingkang nempuh negari kita wanci menika, wonten sawatawis bab ingkang dados penggalihan.
Sadhar bilih manungsa menika namung alit ing garsanipun Gusti, boten pantes kumalungkung, kejawi namung ngiyataken kapitadosan dhateng panguwaos, katresnan saha sih pitulunganipun Gusti.
Kados lelampahanipun Nabi Musa sasampunipun dewasa boten purun dados putranipun Pirngon, milih gesang nadhang sangsara kaliyan umatipun Gusti (Ibrani 5:24-350. Mantep ing pitados pitulunganipun Gusti ing gesangipun.
Sumangga kita mbudidaya ngiyataken manah pitados gesang wonten ing sih pitulunganipun Gusti. Tetep kiyat sanadyan katempuh ing saliring pacoban, gesang ing pirukun salebeting brayat, masyarakat, ugi gesanging pasamuwan.
Gusti paring berkah. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).






