Jagad Raya Nandhang Prihatos

Waosan: Mateus 21:1-11.

Nalika Panjenengane lumebet ing Yerusalem, wong sakutha kabeh padha horeg, lan padha ngucap: “Sapa ta wong iki?” (Mateus 21:10).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Pasamuwan ingkang kinasih, kita temtu mangertos bilih manungsa punika ing saksisih saged ngalembana, ananging ing sisih sanes saged ngremehaken. Manungsa dinten punika saged jujur, ananging ing dinten sanes saged laku goroh. Kalebet ugi ketingalipun pitados dhumateng Gusti, ananging manahipun sayektosipun tebih amargi nggondheli pikiranipun piyambak. Punapa gegayutanipun kaliyan sabda sewau?

Kita nyumerepi Gusti Yesus ingkang lumebet ing Yerusalem kanthi cara mirunggan. Boten mawi kuda perang, ananging ngginakaken kuldi. Punapa kapinujon kemawon? Sayektosipun punika nelakaken jangkeping pameca bilih Ratuning Katentreman badhe rawuh kanthi cara ingkang andhap asor. Kanthi tumindak mekaten, Gusti Yesus saweg nelakaken bab sinten ta sayektosipun Panjenenganipun lan kanyata bebencengan kaliyan pikajeng manungsa. Gusti Yesus rawuh boten ngasta kakiyatan perang kangge nelukaken, ananging rawuh ngasta katresnan lan pangapura murih wilujenging jagad.

Panci ing wiwitan, tiyang kathah ingkang ndherekaken punika sami caos tanggapan kanthi surak-surak. Tiyang-tiyang punika sami njereng pangagemipun, kalebet ngayunaken pang wit-witan, lan nguwuh-uwuh “Hosana”. Wonten kabingahan temtu kemawon, ananging sayektosipun ngemot ironi. Punapa punika? Tiyang kathah kalawau boten mangertos lan ugi boten sumadya mangertosi sinten ta sayektosipun Gusti Yesus punika. Suwalikipun, sami ngajeng-ajeng lan kepara meksa bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih satata politik, ratu ingkang nelukaken mawi perang. Rikalanipun mangke bebencengan kaliyan ingkang dipun kajengaken, tiyang-tiyang punika sami nguwuh-uwuh “kasaliba-kasaliba.”

Sanesipun bab punika, menawi kita wigatosaken kanyata perangan-perangan saking alam sakiwa tengen ndherek kapanduman ing lelampahan punika, kadosdene kuldi ingkang kaagem dening Gusti Yesus saha pang-pang wit-witan. Punapa wigatosipun? Alam boten nampik, ananging sumadya kaginakaken nelakaken sinten ta Gusti Yesus punika ingkang sayektosipun. Temtu benten kaliyan tiyang-tiyang ingkang surak-surak kalawau. Menawi para tiyang punika sami sibuk kaliyan pikiranipun piyambak, perangan saking alam kalawau sami bangun turut kanthi caranipun piyambak.

Pasamuwan ingkang kinasih, adedhasar sabda kalawau kita perlu niti priksa gesang kita. Sebab saged ugi kita punika ketingal surak-surak, ketingal pitados, ketingalipun ngabekti dhumateng Gusti, ananging kanyata tetep meksa mbekta pikajeng piyambak lan nyuwun supados Gusti ingkang ndherek pikajeng kita. Awrat malih menawi ingkang kita pikajengaken boten kalampah, kita dados cuwa ing manah, duka, lajeng nebih saking Gusti. Temtu kedahipun boten kalampah kados mekaten.

Awit saking punika ing Minggu Palmarum sapunika kita sami kaatag ningali manah kita piyambak-piyambak. Janipun, sinten ta Gusti Yesus punika kangge kita? Punapa saestu kita pitados Panjenenganipun punika Ratuning Jagad ingkang milujengaken lan nresnani? Utawi malah kita remehaken kanthi meksa Panjenenganipun ndherek pikajeng kita? Menawi Gusti Yesus punika Ratuning Katentreman, punapa kita sampun nggegesang ing salebeting katentreman punika kepara kita sunaraken?

Sumangga kita nyinau mapag rawuhipun Gusti Yesus kanthi cara ingkang leres. Pitados temtu kedah kita tindakaken, ananging sinarengan kasagahan ngewahi manah tuwin tata gesang kita jumbuh kaliyan karsanipun Gusti. Sebab nalika kita boten nindakaken karsanipun Gusti, ingkang tatu boten kemawon sesambetan kita kaliyan Panjenenganipun, ananging ugi sesambetan kaliyan titah sanesipun. Alam risak lan jagat prihatos, punapa jalaranipun? Boten sanes, manungsa ingkang serakah lan mbalela dhumateng Gusti. Mila sumangga kita temen-temen anggen ndherek Gusti Yesus, murih jagad boten nandhang prihatos ananging linuberan tentrem rahayu. Amin.

Pandonga:

Dhuh Allah, kawula nyadhong pangapunten menawi kadangkala malah ngereh Paduka manut pikajeng kawula. Kawula samangke sumadya tansah nyinau mangertosi karsa Paduka lan nggegesang tansah mbangun miturut karsa Paduka. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).

 

 

Pos terkait