Kalah Kang Migunani

Waosan: Daniel 1:1-25, Lukas 1:46b – 55.

“Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine.” (Lukas 1:48).

Bacaan Lainnya

Renungan:

Bapak Ibu Sadherek kinasih, gesang punika kebak pilihan, malah kadosdene lomba. Tamtu wonten ingkang kalah utawi menang. Ingkang kalah (kawon) lajeng sisah, ngraosaken gesangipun asor tanpa gina.

Lajeng ingkang menang kados pundi? Manahipun remen, rumaos kiyat lan kepingin dipun urmati. Wonten wewarah ing pupuh tembang macapat mekaten:

Dedalane guna lawan sekti, kudu andhap asor,
Wani ngalah, dhuwur wekasane,
Tumungkula yen dipun dukani,
Bapang den simpangi, ana catur mungkur.

Tegesipun karingkes mekaten:

Sarate supaya dadi wong kang migunani lan diajeni iku: andhap asor, wani ngalah, nggatekake marang pepeling, nyingkiri tumindak kang ora bener. Kanthi mangkono bakal urip kang aji lan migunani.

Bapak Ibu Sadherek kinasih, waosan kita ing dinten punika, saking Daniel 1:1-25 lan ing Lukas 1:46b – 55 ngamot kedadosan ingkang mrihatosaken. Daniel 1:1-25 nyariyosaken lelampahan Sang Prabu Yoyakim ratuning Yehuda dipun gebag ing prang raja Babil Prabu Nebukadnesar. Menika saged kedadosan awit Gusti piyambak ingkang ngulungaken. Gusti kagungan rancangan ingkang winadi.

Minangka raja telukan kedah masrahaken bandha ingkang aji, malah ugi kedah masrahaken tiyang-tiyang ingkang taksih enem, bagus, pinter, wicaksana lan sugih kawruh warna-awarni. Kalebet tiyang Yehuda: Daniel, Hananya, Misael, lan Azarya. Gusti ngagem abdi wau ngantos ing negari Babil kaparingan kalenggahan ingkang inggil.

Ing Lukas 1:46b-55, Gusti Allah mitulungi abdinipun ingkang kaangep nistha lan asor: Ibu Maryam. Pangucapipun Maryam: “Atiku bungah banget marga saka Allah juru slametku, Panjenengane wi ngudaneni asoring abdine.

Bapak Ibu Sadherek kinasih, saking carios kala wau, cetha sanget ingkang ketingalipun asor kawon, tundhanipun ndhatengaken kemengan, kasaenan, lan migunani kangge tiyang kathah. Mila kita mboten perlu sisah lan alit ing manah menawi kita kaanggep asor, kalah. Kita pasrah dhateng Gusti. Gusti badhe ngudaneni ing kaasoran kita, ngantos kita kalebet tiyang ingkang rahayu. Gusti mberkahi!

Pandonga:

Gusti Allah ingkang maha luhur, kaadilan Paduka tandah murah ing kita sadaya. Ing salebeting bingah menapa sisah, Gusti tansah nganthi. Mugi Gusti ngiyataken kawula, ngadhepi sedaya perkawis, awit saking Gusti piyambak ingkang makarya, badhe ndhatengaken kasaenan kangge tiyang kathah. Amin. (Rebita Birat Salaga – Kulwo).

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *