Waosan: Matius 7:1-5.
“Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.” (Matius 7:5).
Renungan:
Para kadang kinasij ingkang pitados ing Gusti Yesus, kacariyos wonten majikan utawi bos rumah makan paring dhawuh karyawanipun supados nyuci piring. Karyawan tumandang damel rampung. Bos mirsani lan ngendika, “Piye nyambut gawe ora pecus, isih reged, ayo diasahi maneh!”. Karyawan mbaleni ngantos rampung, namung bos taksih mboten rena ing penggalih lan ngendika malih, “Apa-apaan ini? Kamu benar-benar nggak becus. Ayo cuci lagi!”.
Karyawan wau mboten mangkel, nanging gumun. Yektosipun piring sampun resik kok taksih dipun cacat. Piyambakipun lajeng sowan ngadhep bos boten bekta piring lan matur, “Nyuwun pangapunten Pak, kadosipun kaca tingal panjengengan kotor, sanes piringipun.” Bos ngrumaosi lepat, lajeng atur panuwun pemutipun.
Kadang patunggilan kinasih, cariyos punika cundhuk kaliyan ayat ing nginggil, bilih maos kalepatan lan kekiranganipun asanes langkung gampil, kados bos rumah makan punika. Pelayan caos pemut kanthi andhap asor nyuwun pangapunten saderengipun. Bos nampi, ngrumaosi lepat lan matur nuwun dipun emutaken.
Punapa gandhenganipun cariyos ing Kitab Suci punika kaliyan cariyos tradisional Jawa Semar Mbangun Kayangan? Sinten Semar? Ing pewayangan, Semar punika punakawan, abdi kraton ingkang gadhah bebudhen luhur, mboten remen cecongkrahan, suka sedaya andhahanipun sami ngraosaken tentrem. Lajeng, pundi kayangan? Kayangan papanipun para dewa sesembahanipun para titah. Punika dados gambaran kayangan ingkang kabangun manahipun para bandara saha sadaya titah.
Patunggilan ingkang kinasih, kita ugi pelados kados pelayan rumah makan ugi kados Semar. Kita gumregah mbangun manah minangka dalemipun Roh Suci, wonten pepadhang, saged lelados ing salebeting brayat lan masyarakat. Boten gampil maos, reraosan dhateng kekiranganipun asanes.
Sumangga gumregah mbagun manah kanthi emut pitedahipun tiyang sepuh bab piwucal gesang:
- Yen ora bisa menehi, aja jejupuk.
- Yen ora bisa nresnani, aja nyengiti.
- Yen ora bisa nglipur, aja gawe susah
- Yen ora bisa ngregani, aja ngece.
- Yen ora bisa rumaket, aja mungsuhan.
- Yen ora bisa dhidhis, aja metani.
Gusti paring berkah makarya ing gesang kita. Amin. (Stefanus Lukarsi – Ngringin).





