Waosan: Efesus 5:8-14.
Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang. (Efesus 5:8).
Renungan:
Pasamuwan ingkang kinasih, naminipun murid sekolah temtu kedah nindakaken pasinaonipun kanthi tegen. Mekaten ugi, para among tani nindakaken olah tetanenipun kanthi temen-temen. Minangka karyawan punapa dene wiraswasta lan sanes-sanesipun, temtu kedah nindakaken pakaryanipun kanthi kebak raos tanggel jawab. Punika nedahaken bilih identitas panci kedah dipun sarengi kanthi tumindak nyata ingkang laras (sesuai). Menawi ngangge basa Indonesia, “Identitas harus dibarengi dengan tindakan nyata yang sesuai.” Kirang langkung kados mekaten ingkang badhe katandhesaken wonten ing waosan kita kalawau.
Efesus 5:8-14 kalebet perangan kaping kalih Serat Efesus ingkang ngrembag bab gesang enggal para tiyang pitados. Bab 1-3 Paulus nyariyosaken bab pakaryan kawilujenganipun Allah ing Sang Kristus, dene bab 4-6 nedahaken bab kadospundi nglampahi gesang ingkang ingkang katampi dening para tiyang pitados. Paulus ngginakaken pralambang pepeteng lan pepadhang kangge nggambaraken ewah-ewahan ingkang kalampah ing gesangipun para tiyang pitados.
Wonten ing alam pikir tiyang-tiyang nalika semanten, pepeteng lan pepadhang dados pralambang ingkang ngemot makna teologis. Pepadhang kaginakaken minangka pralambang rawuhipun Allah saha gesang ingkang lumampah miturut karsanipun. Wiwit saking cariyos Allah yeyasa jagad, pepadhang dados tandha bilih Allah nuwuhaken pagesangan. Kosok wangsulipun, pepeteng kaginakaken minangka pralambang pagesangan ingkang tebih saking karsanipun Allah. Awit saking punika, nalika Paulus ngendika “Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti.” (ay. 8), piyambakipun saweg nandhesaken ewah-ewahan ageng amargi Sang Kristus, ingkang kalampah wonten ing gesangipun para tiyang pitados.
Identitas ingkang enggal punika mbekta konsekuensi teologis, bilih tiyang-tiyang sampun kaentasaken saking pamengkuning dosa dados para kagunganipun Allah. Sisih sanes, ugi mbekta konsekuensi etis. Paulus ngendikaken bilih wohing pepadhang inggih punika kabecikan, kaadilan, lan kabeneran. Ateges, identitas pepadhang punika kedah kapratelakaken ing tata gesang ingkang nyata. Kanthi mekaten, pepadhang punika boten kemawon namung dipun tampi, ananging kedah tansah kasunaraken lumantar gesangipun para tiyang pitados.
Pasamuwan ingkang kinasih, lumantar waosan sewau kita sadaya kaemutaken bilih gesangipun para tiyang pitados kalebet kita, ngoyod wonten ing identitas enggal ing salebeting Gusti Yesus Kristus. Kita kedahipun boten malih nggegesang ing salebeting pepeteng, ananging wonten ing pepadhangipun Gusti Yesus. Langkung-langkung saking punika, gesang kita minangka titahipun Allah kedah tansah saged nyunaraken sihipun dhateng jagad punika lumantar tata gesang ingkang nyondhongi karsanipun Allah. “Identitas harus dibarengi dengan tindakan nyata yang sesuai.”
Konsekuensi etis, punika ingkang kedah kita tindakaken. Padamelan, peladosan, lan tanggel jawab kita panci benten-benten. Wonten ing sekolah, kuliah, nyambut damel, nggulowentah brayat, lsp. Sumangga sadaya punika tetep kita tindakaken kanthi temen-temen kados padatan, ananging sapunika kedah kaenggalaken dening sabda kalawau. Punapa? Bilih sadaya ingkang kita tindakaken, kedah nyunaraken sihipun Allah. Ateges, dadosaken tiyang sanes saged ngraosaken sihipun Allah lumantar ingkang kita tindakaken. Mila, punapa ingkang kita tindakaken sampun damel tiyang sanes seneng? Utawi malah cumleng?
Salajengipun, Gusti Allah boten namung nresnani manungsa, ananging ugi sadaya titahipun. Awit saking punika, menawi kita punika titahipun Allah ingkang nyunaraken sihipun, ateges boten cekap menawi namung karaosaken dening sesami manungsa. Alam sakiwa tengen kita ugi kedah ngraosaken. Tegesipun, saben kita tinimbalan nyunaraken sihipun Allah dhateng alam punika kanthi kita lestarikan. Sampun asring kita rembag bab punika. Cobi punapa kemawon? Conto ingkang prasaja kemawon, bab sampah. Dipun bucal wonten ing tempat sampah punapa “sing penting tak buang”? Sampah plastik punika perkara serius. Nalika kita saged nggulowentah kanthi bucal ing papanipun lan ngirangi penggunaanipun, estu punika sampun saestu maedahi.
Sanes pepeteng, ananging pepadhang. Punika kedahipun ingkang dados indentitas kita. Pramila sumangga langkung malih dados titahipun Allah ingkang tansah nyunaraken sihipun. Amin.
Pandonga:
Kawula ngaturaken panuwun sokur Gusti, awit Paduka sampun ngentasaken kawula saking pepeteng tumuju pepadhang Paduka ingkang sejati, inggih punika gesang enggal kebak tentrem rahayu. Sinagedna kawula ngestokaken dhawuh Paduka, inggih punika nyunaraken sih Paduka murih jagad punika kepareng langkung malih ngraosaken sih Paduka. Sakathahing pamuji lan kaluhuran tansah konjuk dhumateng Paduka. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).



