Waosan: Mateus 13:24-30, 36-43.
Renungan:
Para sadherek kinasih, punapa panjenengan pirsa ingkang dados pikiran kula kalawau dalu? Mesti boten to? Punika gegambaran, kita kemawon dereng saged sawetahipun mangertosi pikiranipun manungsa, langkung-langkung ingkang dados pikiran lan karsanipun Gusti! Sinaosa karsanipun Gusti ingkang sayektos boten saged jinajagan dening pikiran kita ingkang winates, ananging rawuhipun Gusti Yesus ing jagad saged kita gondheli kenceng minangka tandha, bilih Panjenenganipun nresnani kita lan karsa mitulungi kita. Amin? Lajeng punapa sambetipun kaliyan Sabdanipun Gusti kalawau?
Menawi kita emut dinten Minggu kawuri, kawontenan ing bab 13 punika nedahaken bilih boten sadaya tiyang purun nampi Gusti Yesus. Saksisih wonten ingkang sumadya ngetut wingking, ananging sisih sanes ugi wonten ingkang boten remen kepara nampik. Kawontenan kados mekaten nuwuhaken pitakenan, menawi Gusti Yesus saestu Sang Mesih lan Kratoning Allah rawuh lumantar Panjenenganipun, kenging punapa taksih wonten ingkang nampik lan piawon taksih kalampah? Lumantar pasemon ingkang kaginakaken memucal dening Gusti Yesus, Panjenengannipun badhe ngandharaken bilih Kratoning Allah panci sampun rawuh, inggih punika tentrem rahayu ingkang kawartosaken dening Panjenenganipun. Ananging rawuhipun Kratoning Allah punika kalampah kanthi cara ingkang bebencengan kaliyan penggalihipun manungsa, lan taksih lumampah ngantos benjang dumugi ing kasampurnanipun.
Bab punika ingkang badhe katandhesaken dening ingkang nyerat Injil Matius dhateng para pamirengipun rikala semanten. Wontenipun piawon lan kasangsaran sanes tandha Kratoning Allah boten rawuh. Suwalikipun, para pamirengipun sami kaemutaken bilih jagad sapunika wonten ing tengah-tengah, inggih punika ing antawis Kratoning Allah ingkang rawuh lumantar Sang Kristus lan perjalanan ngantos ing kasampurnanipun benjang. Adedhasar bab punika, pasemon bab alang-alang lan gandum sayektosipun boten mbereg tiyang kinen miji kepara njeksani sinten ingkang “alang-alang” lan sinten ingkang “gandum”. Ingkang utami saking pasemon punika, bilih sang lurah ngersakaken sadaya thukul sesarengan lan dipun pisahaken nalika wekdalipun panen. Tegesipun, manungsa kakersaken supados nglampahi gesang punika kanthi tumemen lan kebak pangajeng-ajeng (fokus bertumbuh), sebab Kratoning Allah sampun rawuh, nyarengi, lan lumampah dumugi kasampurnan. Dene bab sinten ingkang dados “gandum” punapa dene “alang-alang”, punika sawetahipun dados wenangipun Gusti. Basa sanesipun, ingkang wenang ngadili inggih namung Gusti piyambak, wondene pandumanipun manungsa inggih punika tansah tumuwuh kanthi saestu prayogi.
Para sadherek kinasih, saking waosan kalawau kita sadaya tinimbalan Gusti supados nglampahi gesang punika kebak ing pangajeng-ajeng. Kathah bab ing gesang padintenan panci boten saged kita kendaleni, ananging Sabdanipun Gusti ngemutaken kita bilih Kratoning Allah sampun rawuh ing Sang Kristus. Ateges, Panjenenganipun tansah karsa mitulungi kita lan nenuntun dhateng kasaenan, nalika kita sumadya pitados dhumateng Panjenenganipun. Kaping kalih, kacethakaken bilih timbalan kita sanes njeksani sinten ingkang “gandum” lan sinten ingkang “alang-alang”, mila kita kakersakaken sageda nyunaraken katresnan dhateng sintena kemawon.
Ingkang kadospundi ta nglampahi gesang kebak ing pangajeng-ajeng? Conto prasajanipun, kita tetep miji tumindak jujur sinaosa mangertos menawi tumindak goroh saged paring kauntungan ingkang linangkung. Mila ukara “jujur ajur” punika sayektosipun mrihatosaken, sebab tegesipun manungsa ingkang ringkih malah miji tumindak awon lan gumunggung, namung pados kapentingan dhiri pribadi. Kamangka menawi sadaya manungsa sumadya ndherek karsanipun Gusti, temtu ingkang badhe kalampah inggih punika “jujur makmur.” Nalika tiyang purun jujur, mesti badhe pinitados. Menawi sampun pinitados, temtu tiyang sanes langkung ngajeni lan sesambetan kadospundia kemawon mesti badhe kalampah langkung sae.
Salajengipun, kita tinimbalan Gusti kinen boten gampil njeksani manut pikiran kita piyambak. Ingkang nemtokaken pantes lan botenipun tiyang ing ngarsanipun Gusti, inggih Gusti piyambak. Panduman kita inggih punika dados lantaran sihipun Gusti dhateng sintena kemawon. Katindakaken kanthi tumemen lan kanthi tulusing manah. Kedahipun, sadaya tiyang ugi nindakaken ingkang kados mekaten. Temtu kita mangertos, bilih njeksani asanes punika babagan ingkang gampil. Ananging nalika sampun cetha bilih penghakiman punika wenangipun Gusti, tegesipun kita kakersakaken Gusti supados mawang tiyang sanes kanthi welas asih lan kasabaran.
Para sadherek kinasih, sumangga kita tumuwuh sesarengan lan ngedalaken woh ingkang prayogi wonten ing Sang Kristus. Amin.
Pandonga:
Pinujia Paduka langgeng ing salaminipun, Allah kawula Ingkang Mahawelas. Tentrem rahayu ingkang sapunika kalampah ing jagad dados tandha nyata rawuhipun Kraton Paduka. Kawula sumadya tansah tumuwuh ing pamengku Paduka, ngedalaken woh ingkang sembada lan migunani, ngantos benjang dumugi ing kasampurnan manut karsa Paduka. Ing Sang Kristus Yesus, Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).






