Waosan: Hosea 12:2-14; Matius 19:16-22.
“Sira iku kudu mratobat marang Allahira, netepana katresnan lang angger-angger, sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.” (Hosea 12:7).
Renungan:
Tembung “wangkot” asring kaginakaken sesambetan kaliyan tumindak ingkang boten sae utawi boten leres. Sampun dipun emutaken wongsal-wangsul, nangin boten purun ngewahi, mila lajeng kasebat manahipun wangkot.
Bapak, Ibu, lan Sadherek kinasih, waosan saking Kitab Hosea dinten punika ngemot bab: a) pamblasaripun Israel, b) ukumanipun Allah, lan c) timbalan pamratobat. Tumindakipun bangsa Israel kagambaraken tiyang ingkang mburu angin wetan sedina muput, ngakehake tumindak cidra lan panganiaya. Rumaos sedaya wohing kangelanipun punika awit pambudidayanipun piyambak lan kaanggep leres ing ngarsanipun Allah.
Allah ngemutaken nanging malah bebantahan kaliyan Yehuda. Gusti Allah ngandika: “Sira iku kudu mratobat marang Allahira, netepana katresnan lan angger-angger, sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”
Bapak, Ibu, Sadherek kinasih, ing Injil Matius 19:17, Gusti Yesus ngendika: “Ewadene kowe-kowe kepingin lumebu ing urip, netepana sakehing pepakon.” Pepakon ingkang kasebat ing ayat punika inggih pepakon 10 prekawis, ingkang karingkes dados 2 prekawis: tresna dhateng Allah lan tresna dhateng sesami. Kita ngakeni bilih sadaya wohing pambudidaya kita punika peparingipun Gusti, lan sedaya punika kangge kababaring raos urmat kinjuk Gusti lan rahayuning sesami.
Bapak, Ibu, Sadherek kinasih, kita punika winates lan ringkih, asring tumindak kita dhawah ing bab-bab ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti, mila menawi wonten paemut, sae saking sasami, langkung saking Allah lantaran waosan ing Kitab Suci, sumangga kita tampi lan enggal mratobat, punika margi kangge tumuju ing gesang langgeng.
Pandonga:
Gusti, kawula tansah nyuwuh wewarah lan paemut saking Paduka. Mugi gesang kawula ingkang cekap punika saged kawula isi dados gesang ingkang migunani, murih luhuring asma Paduka lan karaharjaning sesami. Amin. (Rebita Birat Salaga – Kulwo).