Waosan: Mateus 15:21-28
Atur wangsulane wong wadon: “Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bendaranipun.” (Mateus 15:27).
Renungan:
Para sadherek kinasih, nate viral tembung “circle” (baca: sirkel-sirkelan), ingkang nedahaken bab sinten kemawon ingkang dados kanca celak. Tegesipun, nedahaken ugi sinten kemawon ingkang sanes kanca celak. Sayektosipun limrah menawi manungsa punika berkelompok. Ananging berkelompok dados perkawis menawi wiwit njeksani sinten ingkang boten pantes, kepara nampik lan boten purun sesambetan prayogi kaliyan ingkang wonten ing sajawining kelompokipun. Kirang langkung kados mekaten kawontenan ing waosan kita kalawau.
Mateus nyerat “wong wadon bangsa Kanaan” ingkang mijil saking kitha Tirus lan Sidon. Katrangan punika nedahaken bilih pawestri kasebat boten kalebet “lingkungan” / “circle” pagesanganipun umat Israel (tiyang Yahudi). Langkung-langkung tembung “Kanaan” punika saged dadosaken para tiyang Yahudi sami kemutan lelampahan mangsa kapengker (Prajanjian Lami) ing pundi bangsa Kanaan punika mengsahi umat Israel. Ewa semanten, ingkang kaanggep saking jawi lan mengsah punika malah marek ngantos sujud ing ngarsanipun Gusti lan nyadhong kawelasanipun (ay. 22). Piyambakipun mangertos sinten ta sayektosipun Gusti Yesus lan pitados bilih Panjenenganipun kuwaos mitulungi.
Pangandikanipun Gusti minangka wangsulanipun panci boten gampil dipun pirengaken kepara dipun mangertosi, mligi ing ayat 26. Ingkang baken, perangan punika sejatosipun nandhesaken bilh panci wonten “wates” antawis tiyang Yahudi lan sanes tiyang Yahudi. Punapa pawestri Kanaan kalawau lajeng kendel? Ayat 27 nelakaken “Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bendaranipun.” Pawestri punika ngakeni bilih panci wonten “wates” antawis piyambakipun kaliyan sihipun Allah dhateng umat Israel. Ananging wangsulanipun punika nedahaken isining manahipun ingkang kinten-kinten mekaten “Kula panci boten sami, boten pantes, ananging kula pitados Paduka punika welas asih lan kuwaos mitulungi.”
Gusti lajeng ngendika “Heh, wong wadon, kok gedhe pangandelmu, mulane katekana apa kang dadi karepmu.” Pawestri kalawau boten saweg padudon utawi namung meksa dhumateng Gusti Yesus. Ananging pawestri kalawau nedahaken imanipun ingkang sumerep lan tepang dhumateng Gusti Yesus, mekaten ugi tansah pitados dhateng kamirahanipun Gusti sinaosa piyambakipun wonten ing sajawining “wates” sosial-religius tiyang Yahudi.
Para sadherek ingkang kinasih, saking cariyos punika kita nyinau bilih sihipun Allah kababar dhateng sadaya tiyang lan nglangkungi wates-wates ingkang saged kadamel dening manungsa. Kados ing wiwitan kalawau, limrah menawi kita punika damel kelompok, circle, komunitas, lsp. Ananging dados boten prayogi menawi kelompok utawi circle punika wiwit dados gaman kangge misahaken ingkang pantes lan boten pantes. Pawestri Kanaan kalawau boten sibuk nemtokaken dhirinipun langkung pantes tinimbang tiyang sanes punapa boten. Piyambakipun marek kanthi andhap asor lan nglenggana bilih piyambakipun panci benten, ing sajawining wates, ananging pitados bilih sihipun Gusti sinaosa “cuwilan” mawon saestu sampun cekap.
Awit saking punika, nalika kita sami ngraos-raosaken tema Amemangun Bangsa kanthi Semangat Inklusif, kita tansah perlu nyinau boten gampil nyingkiri kepara nyingkiraken tiyang sanes amargi benten kaliyan kita. Keanekaragaman wonten ing negari kita punika keniscayaan, boten perlu dipun icalaken ananging dipun tampi kanthi raos sokur lan dipun gulowentah. Kita saged lan sah kemawon menawi benten pamanggih kaliyan tiyang sanes, ananging punapa perlu ngantos memengsahan? Temtu boten. Kadosdene sagriya wonten ingkang remen tempe garit ananging wonten ingkang remen tempe mendoan, kasunyatanipun tetep saged rukun. Kita boten kedah dados sami kaliyan sadaya tiyang, ananging kita tetep saged lumampah sesarengan, sangkul-sinangkul, lan gesang ajen-ingajenan minangka sesami peranganing warga negari Indonesia.
Sadaya punika kedah kalampah sesarengan kaliyan krenteg kita nyinau dados pribadi ingkang andhap asor (rendah hati) kadosdene pawestri Kanaan kalawau. Ibarat driji, pawestri punika boten nduding asanes, ananging nduding dhirinipun piyambak ateges sumadya ngrumaosi kawontenanipun. Mila sanes “apa wong kae pantes?” ananging “kula estunipun boten pantes Gusti, ananging saestu mbetahaken sih kadarman Paduka.” Semangat inklusif, ugi kawiwitan saking kasagahan kita nyinau dados pribadi ingkang rendah hati.
Sumangga kita wujudaken tata gesang inklusif punika wonten ing gesang kita padintenan. Gusti mberkahi. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).
Doa:






