Waosan: Lukas 18 : 9 – 14
Aku pitutur marang kowe: Wong iki saundure mulih kaanggep sampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.” (Lukas 18:14).
Renungan:
Pasamuan kinasih. Kathah tiyang ingkang asring ngrumaosi bilih sedaya lampah lan pandamelipun sarwa sae lan leres. Lampah mekaten saged kawastanan gumunggung utawi sombong.
Carios ing Injil Lukas 18 : 9-14 wau nedahaken lampah ingkang kosok wangsul. Tiyang kalih wau nedya ndedonga ing padaleman suci. Setunggal tiyang Farisi setunggale juru mupu beya. Tiyang Farisi wau pancen sampun nggadhahi panganggep bilih juru mupu beya ingkang nyarengi ndedonga wau kebak dosa, panerak lan duraka. Mila isining donga tiyang Farisi wau kados dene paring pangadilan dhateng juru mupu beya supados dipun paringi bendu saking Gusti Allah.
Nanging piyambakipun rumaos suci, prayogi, sae mboten wonten cacatipun, mesti donganipun dipun tampi Gusti. Mongko juru mupu beya ugi ndedonga, nanging isinipun ngrumaosi dosa, sekeng, asor. Mila nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah.
Pasamuan kinasih. Monggo kita ngingak kanthi jujur gesang padintenan. Napa kita kados tiyang Farisi utawi juru mupu beya wau, matemah kita mangertos sabda,”SAPA KANG NGLUHURAKE AWAKE DHEWE BAKAL DIASORAKE, DENE KANG NGASORAKE BAKAL DI LUHURAKE.” Amiin.
Pandonga:
Gusti Allah, matur nuwun paduka paring pepenget tumrap gesang kula lumantar sabda suci. Mugi punika dados pepadhang tumrap lampah gesang kula saben wekdal, temahan tansah manut dhateng margi Paduka. Amiin. (Yosef Sujarwo – Gunungsari).






