Waosan: Lukas 24:13-35.
Nalika iku mripate banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengane, nanging Gusti Yesus banjur musna saka ing pandelenge. (Lukas 24:31).
Renungan:
Pasamuwan ingkang kinasih, wonten satunggaling cariyos adaptasi saking seratan Anthony de Mello. Inggih punika bab para biarawan (tiyang ingkang sami mertapa) ingkang gesangipun boten tentrem amargi asring regejegan antawis satunggal lan satunggalipun. Ngantos ing satunggaling dinten, wonten priyagung rawuh lan ngendika “Gusti Yesus badhe rawuh ngriki, dene rawuhipun mangke srana pasuryan salah satunggal antawising panjenengan sami. Ananging kula boten mangertos sinten piyantun punika.” Pangandikan punika dadosaken para biarawan sami pitaken ing salebeting manah: “Apa ya klakon Gusti Yesus rawuh ing rupane sedulur kang tansah ngreridhu aku?”; “Apa ing rupane sedulur kang prasaja, sing ora tau akeh celathu?” Wiwit wekdal semanten, para biarawan ngalami ewah-ewahan. Samidene ngajeni, lelados kanthi katresnan, saha samedene matrapi tiyang sanes kadosdene dhumateng Yesus ingkang rawuh ingkang mawujud wonten ing para sadhèrèkipun. Ewah-ewahan pamawas, punika ingkang kalampah ing cariyos punika.
Pasamuwan ingkang kinasih, lajeng punapa gegayutanipun kaliyan waosan kita? Waosan ing Injil Lukas kalawau mbereg kita lumebet ing pusering pangalaman iman: pepanggihan pribadi ingkang mbikak paningal iman kita kanggé ningali pasemonipun Allah wonten ing sadaya prakawis.
Cariyos murid kekalih tumuju Émaus nggambaraken lelampahan imaning manungsa ingkang bingung, kécalan pangajeng-ajeng, saha kirang mreduli dhumateng karawuha-nipun Gusti. Sami ngandika bab Yésus, nanging mboten mangertosi menawi Yésus lumampah sesarengan kaliyan piyambakipun. Wonten samukawis ingkang ngaling-alingi paningalipun. Nanging nalika Yésus nggandharaken suraosing Kitab Suci saha nyuwil-nyuwil roti, paningalipun tinarbuka (diēnoichthēsan hoi ophthalmoi) lan manahipun bingah sanget. Murid-murid punika ningali pasemonipun Gusti mboten wonten ing papan ingkang élok, nanging ing lelampahan prasaja inggih punika nalika nembé mlampah ing margi, ing patunggilan, wonten ing roti ingkang kacuwil-cuwil. Wungunipun Kristus ngéwahi cara murid ningali donya, sadaya ingkang biasa-prasaja dados pratandha karawuhanipun Allah ingkang saèstu élok.
Pasamuwan ingkang kinasih, pepanggihan satata pribadi kaliyan Gusti Yesus kedahipun dadosaken kita ngewahi pamawas. Sampun cetha kapratelakaken bilih Gusti Yesus sanes Allah ingkang tebih, ananging malah saestu celak sanget lan rawuh ing sakiwa tengen kita. Pramila sayektosipun kita saged nyumerepi wedananipun Gusti Yesus ing alam sakiwa tengen kita lan lumantar maneka warni bab ing jagad punika.
Ananging emanipun, kathah tiyang ing jaman punika lumampah kadosdéné murid kekalih punika sadèrèngipun paningalipun tinarbuka. Kathah tiyang gesang ing donya ingkang sami, nanging mboten mangertosi karawuhanipun Kristus ing ngriku. Kathah tiyang ngeruk bumi, krana ningali karya titah namung saking pamawasing ékonomi, ingkang nguntungaken piyambakipun. Mboten wonten pasemonipun Kristus ingkang dipun tingali saking alam. Saé ing redi utawi segara, ing kitha punapadéné ndhusun, alam namung dipun tingali minangka piranti ingkang maremaken saha nguntungaken. Mboten dipun tingali bilih sawaliking redi ingkang gagah, segara ingkang wiyar, utawi siti ingkang subur, wonten wedananipun Allah ingkang nyunaraken katresnan lan karawuhanipun.
Manungsa kaaling-alingan paningalipun déning manah ingkang nglokro, prasasat gesangipun gumantung kaliyan tumitah ingkang tansah dipun risak. Manungsa mboten ningali malih pasemonipun Allah wonten ing titah, nanging namung barang mati ingkang saged kapendhet lan dipun telasaken kemawon. Kamangka, mawi paningal iman tinarbuk, kadosdéné murid kekalih ing Émaus, kita badhé ningali alam minangka karya titahipun Allah ingkang nyunaraken pasemonipun Kristus ingkang wungu. Kanthi mekaten, sikap kita dhateng bumi badhé éwah: sewaunipun nguwaosi dados ngajèni, sewaunipun ngrisak dados ngrimati, sewaunipun mboten mreduli dados ngunjukaken panuwun sokur.
Gusti Yésus mboten namung rawuh kanthi kaèlokan-kaèlokan, nanging srana kaprasajan: wonten ing patunggilan ingkang samidéné ngladosi, wonten ing manah panuwun sokur, wonten ing katresnan dhumateng sesami lan titah. Ing ngrika pasemonipun Allah katingal nyata tumrap ingkang purun ningali.
Sugeng manggihaken saha ningali pasemonipun Yésus wonten ing karya titah, supados kita ningali donya mboten nganggé paningal kamurkan, nanging paningal katresnan ingkang nggesangaken. Amin.
Pandonga:
Paduka kuwaos rawuh ing samukawis kalebet karya titah sanes, boten manungsa kemawon. Pramila Gusti, kawula sumadya Paduka enggalaken murih tansah saged nresnani lan nelakaken urmat dhateng titah sanesipun. Tansah linuhurna Paduka langgeng ing salaminipun. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).
