Sumadya Ngrasuk Gusti Yesus Kristus

Waosan: Rum 13:8-14.

Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane. (Rum 13:14).

Bacaan Lainnya

Renungan:

“Sumadya Ngrasuk Gusti Yesus Kristus”

Para sadherek ingkang kinasih, punapa bentenipun ‘utang’ kaliyan katresnan? Menawi utang punika rampit nalikanipun lunas, wondene katresnan? Punapa wonten ingkang munjuk “kalawingi adik, kakak, lan tiyang sepuh sampun kula tresnani, sapunika kendel rumiyin sebab saweg jengkel kaliyan sadaya.” Sayektosipun saben kita tansah betahaken katresnan lan Gusti tansah nelakaken dhateng kita saben wekdal. Prasaja kemawon, ambegan kita punika boten saged kita damel piyambak. Tegesipun, katresnan punika sanes bab ingkang kalampahan sepisan lajeng kendel, ananging kedah tansah mili kados ilining toya. Bab punika ingkang katandhesaken dening Rasul Paulus ing waosan sewau.

Ingkang sepisan inggih bab tanggel jawab. Ayat 8 sanes nedahaken tiyang boten pareng gadhah utang, ananging kedah tanggel jawab nglunasi menawi gadhah utang. Sebabipun kalampah rikala semanten, tiyang nyuwun dipun icali utangipun lumantar perangan donga Rama kawula “…ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.” Tegesipun badhe nyelaki tanggel jawabipun nglunasi utang. Awit saking punika, Rasul Paulus nedahaken bilih pandherekipun Gusti kedah dados tiyang ingkang tanggel jawab ngengingi keputusan saha gesangipun.

Kaping kalih, Rasul Paulus ngatag pasamuwan kinen sami tresna-tinresnan. Kanthi tumindak mekaten, sayektosipun sampun netepi angger-anggering Toret. Wonten ing konteks Roma, Paulus nedahaken bilih sadaya pranatan ingkang gegayutan kaliyan sesami tansah mbereg pasamuwan ngrimati gesang sesarengan murih tansah pinanggih prayogi. Dene katresnan saged mujudaken ancas tujuwan punika ing satengahing gesang sesarengan. Pramila Paulus nyebataken bilih katresnan punika katetepanipun angger-anggering Toret. Sumadya nresnani sesami ateges tumindak prayogi dhateng sesami lan boten nyilakani. Kanthi mekaten, kacethakaken bilih katresnan punika sayektosipun margining gesang ingkang nelakaken karsanipun Allah ing satengahing sesambetanipun manungsa.

Kaping tiga, lumantar ayat 11 lan 12 Rasul Paulus satata ringkes badhe ngendikakaen bilih wekdal kita punika winates. Badhe dumugi wancinipun kita boten saged malih nindakaken karsanipun Gusti, inggih nresnani sesami kalawau. Pramila, tembung “ngrasuka Gusti Yesus Kristus” ing ayat 14 sayektosipun nandhesaken bilih para pandherekipun Gusti kedah saestu nindakaken dhawuhipun Gusti wiwit sapunika, tansah katindakaken saben wekdal, lan dumugi salaminya, inggih dados tiyang ingkang tanggel jawab lan sumadya tresna-tinresnan.

Para sadherek ingkang kinasih, lumantar waosan kalawau kita tinimbalan kinen sumadya ngrasuk Gusti Yesus Kristus, inggih punika dados tiyang ingkang tanggel jawab saha sumadya tresna-tinresnan. Bab punika kedah dados margi ingkang kita lampahi saben wekdal sadangunipun gesang minangka pratandha bekti dhumateng Gusti. Perangan punika sayektosipun cocok kaliyan Rum 12:1 ingkang nyebataken bilih misungsungaken gesang lan badhan dhumateng Gusti punika minangka pangibadah ingkang sejati. Ateges, nalika kita sumadya nresnani sesami, kita sayektosipun saweg nindakaken pangibadah inggih punika caos pangabekti dhumateng Gusti. Kanthi mekaten, pangibadah punika ing satunggal sisih nalika kita nyatunggil kados ing sapunika. Dene sisih sanes, pangibadah dhumateng Gusti punika ugi kalampahan nalika kita sumadya nresnani sesami.

Wangsul ing perangan sepisanan kalawau. Kita saged kemawon gadhah utawi nate utang. Gusti ngersakaken kita tanggel jawab. Pramila sumangga dipun lunasi. Boten kemawon bab utang, saged ugi ngengingi janji. Pramila, janji kedah dipun jangkepi, ditepati, sanes malah diblenjani. Salajengipun, sumangga kita sumadya langkung tresna-tinresnan. Tulus anggen ngapunteni, sumadya ngakeni lepat, sumanak ing pasrawungan, boten ngendhem sengit, peduli, sumadya tetulung, lsp. Ingkang baken, sabdanipun Gusti sampun nyethakaken bilih katresnan punika kedah tansah mili kadosdene ilining toya. Ateges, tresna-tinresnan panci kedah tansah dipun budidaya lan tindakaken saben wekdal. Boten saged dipun enyang.

Para sadherek ingkang kinasih, nalika kita saestu tansah mbudidaya dados tiyang ingkang tanggel jawab lan nresnani sesami, sayektosipun kita saweg ngrasuk Gusti Yesus Kristus lan nindakaken pangibadah dhumateng Panjenenganipun. Amin.

Pandonga:

Kawula ngaturaken panuwun sokur awit sabda Paduka ingkang sampun kepareng kawula tampeni. Kawula sumadya ngrasuk Gusti Yesus Kristus, inggih punika dados tiyang ingkang tanggel jawab lan tansah tresna-tinresnan. Kasagedna kawula ngestokaken dhawuh Paduka punika kanthi sembada. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).

 

 

Pos terkait