Waosan: Mateus 22:15-22.
Atur wangsulane: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” Gusti Yesus banjur ngadika: “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.” (Mateus 22:21).
Renungan:
Pasamuwan ingkang kinasih, kadospundi menawi tiyang namung nedha kemawon tanpa ngunjuk? Utawi suwalikipun, kadospundi menawi tiyang namung ngunjuk kemawon tanpa nedha? Kirang prayogi sedayanipun. Ingkang saestu prayogi nalika kekalihipun lumampah seimbang. Bab punika sayektosipun ingkang katandhesaken dening Gusti Yesus ing waosan kita kalawau.
Pitakenan bab caos pajeg dhateng Sang Nata Agung (Kaisar Romawi) sayektosipun pitakenan ingkang boten gampil. Panci wonten kuwajiban saking bangsa Rum dhateng bangsa jajahanipun, kalebet bangsa Yahudi rikala semanten, caos pajeg dhateng Sang Nata Agung. Ewa semanten bab punika yektosipun awrat tumraping tiyang-tiyang Yahudi. Kenging punapa? Awit ing kapitadosanipun tiyang Yahudi, namung Gusti Allah kemawon minangka panguwaos sejati. Menawi caos pajeg dhateng Sang Nata Agung, kados-kados sampun ngakeni panguwaosipun Sang Nata Agung lan kanthi mekaten mangro dhumateng Gusti Allah.
Mila menawi Gusti Yesus paring wangsulan “boten pareng” caos pajeg dhateng Sang Nata Agung, temtu saged badhe dipun anggep mbalela dhateng Sang Nata Agung. Wondene menawi paring wangsulan “pareng” caos pajeg dhateng Sang Nata Agung, saged badhe dipun sengiti dening tiyang-tiyang Yahudi lan kecalan harga diri. Ananging punapa pangandikanipun Gusti? “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.” Gusti Yesus badhe nandhesaken, dados umatipun Allah boten ateges saged nglirwakaken kuwajiban-kuwajiban sosial kadosdene pajeg lan pambanguning gesang sesarengan. Kados mekaten tanggel jawab pandherekipun Gusti, boten namung nengenaken satunggal sisih lan nglirwakaken sisih sanesipun, ananging kekalipuh kedah lumampah sesarengan.
Pasamuwan ingkang kinasih, adedhasar cariyos kalawau kita sadaya katimbalan ing Wulan Brayat minggu kaping tiga punika supados nggulowentah gesanging brayat kanthi seimbang. Gambaranipun mbakyu asring usil dhateng adikipun ngantos nangis terus. Tumindak ingkang seimbang inggih punika mitulungi adik lan damel ayemipun, lajeng melehaken si mbakyu bilih tumindakipun boten prayogi, paring dhawuh kinen nyuwun pangapunten lan tumindak langkung ngeman dhateng adikipun. Punika gambaran prasajanipun.
Ing era digital punika wonten satunggaling perkawis ingkang kathah dipun adhepi dening brayat-brayat. Sadaya panci wonten satata fisik ing griya, ananging mangke sami sibuk kaliyan layar HP-nipun piyambak-piyambak. Jalari kirangipun komunikasi ingkang lebet lan intens ing antawis peranganing brayat. Menawi lajeng dadosaken brayat gampil tumindak emosional, gampil curiga, sami ngraosaken kirang ayem ing griya, ateges sampun kedah ngewahi bab punika. Brayat saged nemtokaken wekdal utawi mligikaken wekdal kangge aktivitas sareng kadosdene nedha sesarengan, tebih saking gawai-nipun piyambak-piyambak, lan wiwit nindakaken komunikasi ingkang lebet. Dadosipun wonten wekdalipun kangge piyambak-piyambak, ananging ugi wonten wekdalipun aktivitas sesarengan.
Mekaten ugi ngengingi pakaryan padintenan. “Aku wis nyambut gawe sayah ngene iki isih dikon isah-isah?” Kamangka ingkang makarya nggulowentah griya punika ugi sami sayahipun. Pramila kita perlu menggalihaken bab stigma / cap peran gender babagan “satunggal ngupadi rejeki” dene satunggalipun “namung ngurus omah”. Griya punika dados tanggel jawab sadaya peranganing brayat, mila wonten istilah shared responsibility. Punapa punika? Brayat saged nemtokaken utawi mensepakati pembagian tugas rumah tangga, kalebet para lare ugi dipun bereg tumut tanggel jawab. Conto kemawon bapak nyapu, ibu ngepel, anak nyulaki. Bibar nedha, piring langsung dipun isahi piyambak. Cak-cakanipun temtu saged benten-benten, ingkang baken boten wonten pehak ingkang ngantos ‘kewowogen’ lan sadaya perangan brayat tandhang damel nggulowentah griyanipun, ‘wong omah-omahe dewe.’
Tanggel jawab kita ngabekti dhumateng Allah, kedah saged dipun tingali saking kadospundi kita nindakaken tanggel jawab nggulawentah gesanging brayat kita. Amin.
Pandonga:
Kawuka ngaturaken panuwun sokur Gusti, Paduka tansah nelakaken katresnan saha pangapunten dhateng kawula. Salajengipun kawula sumadya nggulowentah brayat kanthi seimbang, nengenaken katentreman kangge sadaya peranganing brayat boten namung kawula piyambak. Nyuwun tansah Paduka pirantosi lan sagedaken. Wonten ing asmanipun Gusti kawula Yesus Kristus. Amin. (Daniel Bimantara – Kulwo).






